Τρίτη 11 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 22)

Wawasan kaca 22

Lampah topo broto.
"Ngelmu iku saranane kanti laku".
Mbokbilih poro maos sampun pirso sadoyo ing bab puniko. Pramilo sanadyan Pak Arjo puniko tiyang lugu, mboten nate pados "ngelmu", mboten kekilapan bilih sadoyo ingkang sampun kalampahan puniko kedah kasaranan sarono lampah (laku).
Ing wingking sampun kaaturaken, naliko sesarengan lan mitranipun pados "tiyang sepuh", saben wonten wucalan enggal, Pak Arjo mboten saged angleksanani, nanging ing wekdal candakipun, tamtu saged. Poro mitranipun lajeng sami gadah pamanggih, yen to Pak Arjo puniko gadah "Guru", nanging sinten, lan ugi wonten pundi panggenanipun, puniko ingkang dados tuking rembag.
Punopo malih naliko anyariyosaken "Aku arep diwejang Guru" dateng Pak Kemi (enjing saderengipun dalu tampi wahyu sujud). Wosing rembag, lampah topo broto ingkang aeng sarono mandeng srengenge puniko tamtu saking dawuhing Gurunipun.
Poro maos, meh saben wargo sami anemtokaken, bilih "Guru"nipun Pak Arjo puniko Hyang Moho Kuwaos. Mboten maiben, awit dene Pak Arjo, ngantos sasurutipun mboten nate anyariyosaken bab puniko. Kawulo, ingkang namung anampi cariyos saking poro wargo, ugi anggadahi pamanggih ingkang sami.
Ing salajengipun, naliko tumut penggalian, wonten ungel-ungelan "tampi wasiat saking Hyang Widhi". (Mugi panjenengan sadaya mangertosi punopo ingkang kasebat puniko). Kolo samanten, kawulo namung anglampahaken punopo ingkang kapatah dening tuntunan penggalian (Pak Mukmin), tanpo taken malih. Sapuniko, kulo radi keduwung, kenging punopo rumiyin mboten tetaken ing bab puniko (Hyang Widhi). Kulo anginten bilih Hyang Widhi ugi Hyang Moho Kuwaos. Kados pundi yen miturut pamanggih panjenengan sadoyo ? Utaminipun poro wargo lan tuntunan KSD.

free counters