Τρίτη 11 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 12)

Prastawa dumawahing wahyu.

Para saksi kawitan.
Enjang puniko, kairing getering sariro awit saking ajrihipun, Pak Arjo enggal-enggal dateng griyanipun Pak Kemi, ancasipun bade pitaken punopo darunanipun prastowo puniko. Ing batos mbokbilih Pak Kemi saged anjlentrehaken ing bab prastawa puniko, sabab Pak Kemi anggadahi pangertosan ingkang bawera, amargi sampun maguru dateng sekawan doso panggenan,
Dumugi ing ngrika, kepanggih piyambak lan Pak Kemi. Dereng ngantos rampung anggenipun nyariosaken kadadosan kala wau dalu, ujug-ujug sariranipun Pak Kemi kasujudaken majeng mangetan. Makaten ugi patrap lan ucapanipun kados ingkang sampun kalampahan ing Pak Arjo dalu puniko. Anyaranani piyambak gerak ingkang kaprabawan getaran ingkang mboten baen-baen puniko, Pak Kemi mboten saged atur rembag punopo-punopo. Kaget lir sinamber gelap lepat. Raos ajrih anglimputi saranduning badan. Sasampunipun aso sawetawis, nembe saged sami rembagan.
Salajengipun sami sarembag bade dateng griyanipun Pak Joyo Jaimun. Ing ngriko,ing griyanipun Pak Joyo Jaimun, prastawa sujud puniko ugi kalampahan malih. Pak Joyo Jaimun kasujudaken kados dene Pak Arjo lan Pak Kemi.
Sarampunging prastawa puniko, tiyang tetigo sami sarembag murugi griyanipun Pak Soma Giman. Ing ngrika, kadadosan puniko ugi kaambalan malih. Andadosaken gawoking manah. Pepuntoning rembag, bade nglampahi patrap sujud puniko ing dalemipun piyambak-piyambak.
Ing wekdal puniko, Pak Arjo kraos ajrih, kuwatos yen wonten prastawa malih ingkang andatengi. Pramilo saben dalu Pak Arjo gantos gumantos ngempal tilem. Terkadang ing griyanipun Pak Soma Giman, Pak Joyo Jaimun, Pak Kemi utawi ing griyanipun Pak Arjo piyambak ing kampung Koplakan.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi