Τρίτη 11 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 14)

"Dukun tiban ing Koplakan ???"

Poro mitro lan ugi ombyaking wargo Pare.
Sajeg wonten kadadosan puniko, poro mitro lan kadang karuhipun Pak Arjo sadaya sami sesarengan kapengin ngayektosaken kadadosan ingkang sampun kelampahan, sarana anindakaken sujud kados Pak Arjo.
Pranyata, mobahing badan mboten namung naliko sujud kemawon. Naliko Pak Joyo Jaimun wicanten :"Aku pengin weruh gerakke Sukmo Nogo", sanaliko ugi sariranipun kabanting dateng jogan, lajeng mulet-mulet kados patraping sawer.
Makaten ugi naliko pengin mangertosi lampahing Mayonggo Seto, sanaliko mere lan mbekos-mbekos kados patraping rewanda, malumpat ngriko ngriki.
Latihan puniko kaleksanan ing saben dalu, gantos gumantos panggenanipun, kadang ing griyanipun Pak Soma Giman, kadang Pak Kemi lan sapanunggilipun. Sok kapireng gerenging simo, sok suwanten gedebugan kados tiyang pencak lan lintu-lintunipun.
Griyanipun Pak Arjo puniko katutup gedeg sesek ingkang pating clomprong.
Poro tetanggi sok sami nginjen ing lengkehan sela-selaning gedeg. Salah satunggal, naliko nembe kesengsem ningali, dumadakan mripatipun kaentup kala jengking. Njerit njondil-njondil kesakitan. Pak Arjo nyelak. Sasampunipun kausap kanti dlamakan asto, ical sakitipun , temah waluyo jati. Dangu dangu kathah tetiyang sakit warni warni sami ndatengi panggenan puniko. Sadaya kausadan lan sami saras. Awit puniko, wiwit sumebar pawartos, bilih ing kampung Koplakan Pare wonten dukun tiban.

free counters