Τρίτη 11 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 2)

Pados "tiyang sepuh"
Awit sadaya rumaos kasekengan ing bab pangupo jiwo, antawis warsa 1952, saderek sekawan (Pak Arjo Sopuro, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman) puniko sami rembagan kados pundi caranipun supados angsal asil ingkang radi mingsro. Putusaning rembag, bade pados ‘tiyang sepuh’ ingkang saged anedahaken margi kangge nambah asil. .
Naliko samanten ing Pare wonten paguron ingkang kasusro naminipun Murti Tomo Waskito Tunggal (nyuwun ngapunten, sanes Hardo Pusoro) kapimpin dening Pak Citro. Panderekipun kathah, langkung malih saking njawi kitho Pare. Satunggaling wekdal, ambiwaraken yen dinten makaten tanggal samanten jam tartamtu Pak Citro bade wangsul ing jaman kalanggengan (seda= mati). Ewon tetiyang kaangkut atusan mobil sami dateng dalemipun ing dinten ingkang katamtokaken kalawau. Sadaya bade anekseni kok wonten tiyang ingkang saged namtokaken pejahipun piyambak. Kawusanan sadaya cabar, Pak Citro taksih sugeng ngantos pinten-pinten warsa malih. Salajengipun paguronipun sepen, tetiyang sampun sami kirang percados malih.
Wonten paguron nami Suwono (Suwung Ono).
Ing ngriku mitra sekawan puniko sami sarembag ndatengi. Ancasipun namung nyuwun sarana, supados gampil anggenipun pados rejeki. Naliko rawuh, ingkang kagungan dalem (Pak Sastro asmanipun, katelah Pak Sastro Suwono) sampun nyawisaken cangkir unjukan kopi sekawan, kamongko mboten wonten ingkang matur yen bade mertamu. Ateges waskito ing pamirso. Pramilo sadaya sami pengin ‘maguru’ ing pangangkah saged ndandosi pangupo-jiwo kangge ing sadintenipun. Kawitan sami kawucal caranipun mirsani isi sak (saku) saben tetiyang. Ing tataran puniko wonten sawatawis saderek ingkang saged ngetrapaken. Pak Ardjo Sopuro mboten saged. Naliko sami kondur, ing tengah lampah, Pak Ardjo Sopuro ngendiko dateng para kancanipun: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Ing wekdal candakipun, naliko sami mertamu dateng paguron puniko, Pak Ardjo Sopuro saged mbade (nebak) sadaya isi sak para saderek. Ing wekdal sanesipun, wonten latihan ngrogo sukmo. Caranipun, sami sareyan, asta kekalih katumpangaken ing jaja. Salajengipun lajeng megeng napas. Enering penggalih katujokaken sangandaping wudel, lajeng kaenggokan mangiwo. Pak Kemi saged ngleksanani. Naliko enering penggalih sampun katujokkaken mangiwo, lajeng jleg ! badan gemeter sadaya. Kacariyos Pak Ardjo Sopuro ugi mboten saged malih. Ing tengah lampah kondur, Pak Ardjo Sopuro ngandiko malih: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Lha kok estu kaleksanan naliko latihan ing wekdal candakipun. Para saderek sami ngungun. Ing batos sami pitaken “Sopo kang mulang (ngajari), kok biso koyo ngono ?” Makaten puniko wongsal-wangsul, saben wonten latihan enggal, ing wekdal sanes Pak Ardjo Sopuro tartamtu saged nglampahaken latihan puniko. Latihan-latihan puniko katerusaken ngantos sarampungipun. Wonten latihan aningali cahyo. Yen wonten ingkang saged mirsani, upaminipun cahyo ijem utawi abrit lan sapanunggilipun,. sadaya namung dipun aturi “Yo kuwi”. Mboten wonten katranganipun. Salajengipun paguron Suwono anengeri wontenipun saderek kalih welas: Aku, Roso, Permono, Indro, Bromo, Bayu, Sukmorojo, Sukmonogo, Sukmokencono, Jatingarang, Mayonggoseta, Bagindokilir. Nanging katrangan bab saderek kalih welas puniko mboten wonten. Pramila menawi dipun takeni, jawabipun Pak Sastro namung “Yo kuwi”. Namung ing wekasaning latihan, anuding Bapak Ardjo Sopuro “Iki mbesuk sing dadi peguron”.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi