Τρίτη 5 Δεκεμβρίου 2017

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 42)

Flag Counter
Bab wigati ing bab pangertosan tumraping wejangan Bopo Sri Gutomo.

Para warga ingkang minulya.
Ing saderengipun, kula nyuwun palilah panjenengan sadaya, bokbilih wonten gangsal gangsul lan lepat ing seratan punika, nyuwun gunging pangaksami. Jer kula punika namung anyerat adedasar sagaduk anggen kula anyinaoni sadaya wejangan Bopo Sri Gutomo.

1. Memean.
Bopo Sri Gutomo nate amejang, bilih Wargo Sapto Darmo sampun ngantos nglangkungi memean. Pangertosanipun warga, memean punika jemuran pakaian. Awit saking punika, para warga boten purun nglangkungi panggenan ingkang wonten jemuran. Pilah  mlipir2 langkung panggenan sanes.
Ing bab punika, wonten warga ingkang anggadahi pangertosan benten. Memean boten dipun sebataken makaten, nanging meh-meh an. Tegespun ngemperi utawi niru-niru. Kathah  ingkang niru2 makaten. Niru-niru kadosdene yen Bopo Sri Gutomo paring wejangan. Asta (tangan) tudhing-tudhing, soca (mripat) mentheleng. Wicaranipun sora (keras).

2. Gedibal.
Bopo Sri Gutomo amejang, para warga dipun awisi dados gedibaling asanes. Gedibal punika lempung utawi kotoran ingkang tumemplek ing sandal utawi sepatu nalika tiyang mlampah ing panggenan jember utawi blethokan. Menawi jarwo dhosok , gedibal punika tegesipun kengkenan utawi andahan. Dados warga anginten sasaged-saged boten dados tiyang andahan. Awit saking pangertosan makaten punika, kathah ingkang boten purun nyambut dhamel dados andahan, bawahan, kengkenan lan sapanunggilnipun. Tamtu kemawon punika kirang prayogi  ing atasipun tiyang badhe pados pangupa jiwa. Meh sadaya panggaotan punika tamtu wonten bawahan lan atasan.Panjenengan sadaya rak ugi pirsa, sanadyan Menteri , punika ugi kabawah Presiden. Pramila wonten ingkang gadhah pamanggih benten.  Nanging amargi boten mangertos suraosing wejangan punika, lajeng namung nyumanggakaken kemawon. Wonten warga ingkang gadhah pamanggih bilih punika wejangan racut. Dados anggenipun angramesi ugi kedah sarana racut. Ing ngriku mangke lajeng anyumrepi piyambak punapa ingkang kasebat ing wejangan punika.

Nuwun