Δευτέρα, 16 Νοεμβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 41)

Flag Counter PILAH-PILAH ING BAB PANGRUWATAN

Bopo Sri Gutomo anampi tugas pangruwatan saking Hyang Maha Kuwaos. Tugas angruwat papan- papan angker punika sadaya kadawuhaken dateng Bopo Sri Gutomo lumantar Hyang Widhi. Kathah panggenan angker ingkang angganggu darmaning agesang sami karuwat sarana nyuwunaken pangapunten sadaya kalepatanipun ingkang angganggu punika supados saged wangsul dateng alam langgeng. Sanesipun malih kasuwunaken supados anyingkir , pindah panggenan saking ing ngriku utawi wangsul dateng asal panggenanipun piyambak.
Nuwun sewu, kula ambali malih. Sadaya lampah pangruwatan punika sarana panyuwunan dateng Hyang Maha Kuwaos. Dados benten kaliyan ingkang sampun-sampun, ingkang nglampahaken pangruwatan sarana ngusir utawi adu katiyasan. Lampah makaten punika saged ugi wonten kasilipun, nanging ugi saged anyilakani piyambak yen to ingkang bade karuwat punika anggadahi 'ilmu' ingkang kiat. Bopo Sri Gutomo boten nate angajari lampah makaten punika. Sadaya kedah dipun lampahi sarana sujud anyuwunaken pangapunten utawi anyuwun dateng Hyang Maha Kuwaos supados nyingkir utawi pindah panggenan.

Ratu Kidul.
Ratu Kidul utawi ingkang katelah Nyai Roro Kidul. Tiyang Jawi angyakini yen wonten paraga ingkang anguwasani utawi ambau reksa Saganten Kidul (Lautan Hindia). Kathah cariyos ingkang angrajihi utawi nggegirisi ing bab Saganten Kidul. Wonten Lampor inggih punika irng-iringan utawi ingkang kasebat lampahing wadya bala Nyai Roro Kidul saking Saganten Kidul tumuju dateng Gunung Merapi. Boten kasat netra nanging saged karaos prabawanipun rupi suwanten gumuruh ing antariksa ing wanci dalu. Utawi wonten malih ingkang dipun wastani kalap. Inggih punika prastawa tiyang kablabag ombak Saganten Kidul ngantos dados ing tiwasipun utawi ical kaseret ombaking Saganten Kidul. Kathah ingkang percados yen sukmaning tiyang punika katawan dados abdinipun Ratu Kidul. Taksih kathah malih cariyos makaten punika.

Ratu Kidul lan Bopo Sri Gutomo.
Nalika Bopo Sri Gutomo tampi dawuh supados angruwat papan angker ing pasisir Saganten Kidul , kathah para warga pasisir ingkang tumut aningali. Sasampunipun rampung anggenipun tugas angruwat, para warga punika sami andatengi Bopo Sri Gutomo lan sami nyuwun supados Ratu Kidul karuwat ing pangangkah boten wonten malih tiyang ingkang kalap. Bopo Sri Gutomo nayogyani. Enjingipun Bopo Sri Gutomo tindak dateng pasisir Saganten Kidul kaderekaken para warga pasisir punika. Sasampunipun ening sakedap , saganten ingkang wiwitanipun ombakipun jumlegur mawurahan, boko sakedik lerem, lan akhiripun anteng. Namung wonten sasiliring angin tumiyup ing ngriku. Ing wekdal punika ing ngajengpun Bopo Sri Gutomo wonten wewayanganipun putri endah ing warni anyembah dateng Bopo Sri Gutomo. Nalika imbal wacana, putri punika anelakkaken bilih piyambakipun punika sadermi nglampahi dawuh Hyang Maha Kuwaos supados anjagi wewengkon Saganten Kidul. Dados yen karuwat wangsul dateng alam langgeng, kedah wonten ingkang anggentosi anjagi wewengkon Saganten Kidul.. Mireng pangandika punika, Bopo Sri Gutomo mboten tamtu anerusaken pangruwatan Ratu Kidul. Sanesipun punika , pancen boten tampi tugas angruwat Ratu Kidul.
Makaten punika cariyos saking Ibu Sri Pawenang.
Kula suwun kathah para warga utawi tuntunan  anelakkaken cariyos Ibu Sri Pawenang ing bab Bopo Sri Gutomo.

Nuwun.





Τετάρτη, 11 Νοεμβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 40)

Flag Counter

Prabawaning sujud punapa panggenan ingkang maladi.

Bapak Suyadi, Pak Yadi utawi jangkepipun Bapak Mayor TNI Suyadi.
Panjenenganipun punika tuntunan wilayah Surabaya. Ing bab sujudipun tamtunipun langkung ing sasami. Tegesipun sae.  Ing wekdal samanten Pak Yadi nembe tugas negara ing luar Jawa (perang PRRI-Permesta). Dados boten mangertosi kedadosan prastawa ing Sapto Darmo ing salebeting angayahi tugasipun.
Bopo Sri Gutomo tansah mider-mider dateng panggenan ingkang kadawuhaken saking Hyang Maha Kuwaos. Ing saben panggenan punika Bopo Sri Gutomo ngandika kaliyan nuding dateng ingkang dipun lenggahi "Ing kene iki ono rojo brono emas barleyan kang akeh banget". Puniko minongko amungkasi saben wejangan ing pundi panggenan. Para warga Sapto Darmo sampun sami  mangertosi bilih punika namung sanepa bilih sujud punika panggenan rojo brono emas barleyan.
Nalika Bopo Sri Gutomo  paring wejangan ing Sanggar  Candi Busono Pare, kaleresan Pak Yadi nembe kemawon rampung tugasipun ing TNI, Dados saged angestreni lan nderek mirengaken wejanganipun Bopo Sri Gutomo. Salajengipun watawis seminggu, Bopo Sri Gutomo tindak mider-mider malih tugas ngruwat panggenan ing pundi-pundi.
Satunggaling dinten, Pak Yadi rawuh malih ing Sanggar Candi Busono akanti tukang batu kalih. Salajengipun, kabantu tukang batu kalih punika, Pak Yadi enggal-enggal nduduk (mbongkar) jogan (ingkang kala emben Bopo Sri Gutomo paring wejangan), ing pangangkah madosi rojo brono emas barleyan punika. Tamtu kemawon boten kapanggih. Malah nalika miwiti mbongkar punika kemawon kadadosan jawah deres lan gludug bledeg asamberan ugi kasarengan angin ageng. Pramila enggal-enggal dipun pungkasi anggenipun mbongkar jogan punika. Pak Yadi ajrih. Anginten bilih sanggar punika maladi (wonten waladipun).

Para pamirso,
Kadadosan punika ngantos sapunika taksih dados pitakenan. Punapa sababipun goro-goro jawah deres gludug-bledeg lan angin ageng punika.
Sapisan, Pak Yadi punika tuntunan wilayah Surabaya. Sujudipun sae. Dados yen kagungan kerso punapa kemawon prabawanipun ageng. Bok manawi saged amrebawani goro-goro kados ingkang sampun kasebataken..
Kaping kalihipun. Jogan ingkang dipun duduk / bongkar punika kaleres panggenan tampi wahyu nalika Bopo Sri Gutomo gerak sujud sapisanan malem Jum'at Wage 27 Desember 1952.  dados mbok manawi inggih wonten waladipun.

Nyumanggakaken.

Τρίτη, 27 Οκτωβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 39 )

Flag Counter



Jongko punopo sabdo ?

Nuwun poro pamirso,
Ing ngandap puniko kulo namung nyuplik cariyos saking para wargo. Kulo boten anyumerepi piyambak. Mugi ingkang kawogan lan ugi pirso lelampahanipun kerso paring dhawuh yen wonten klentunipun anggen kulo mratelakkaken cariyos punika.
Ing watawis tahun  1958 - 1959 punika wonten pemberontakan PRRI-PERMESTA. Nalika samanten kathah warga TNI ingkang sujud amargi betah "cepengan" utawi piandel kangge ngadepi perang. Salah satunggal Pak Slamet utawi Kapten ALRI Slamet. Tuntunan wilayah Surabaya. Dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya. Pak Slamet punika ugi misanan utawi mbok bilih keponakan Ibu Arjo Sopuro. Satunggaling dinten kesesa-sesa tindak dateng Pare, bade kepanggih Bopo Sri Gutomo. Sasampunipun kepanggih lajeng matur bilih miturut pawartos Pak Slamet bade dipun kintun dateng Menado bidal perang. Mireng punika Bopo Sri Gutomo lajeng ening sakedap lajeng ngandika "SEMARANG".  Makaten kemawon. Lajeng mboten ngandika malih. Saking senengipun Pak Slamet lajeng pamit wangsul dateng Surabaya.
Angsal 3 dinten Pak Slamet wangsul malih  dateng Pare kaliyan ambekta serat tugas ingkang anyebataken Pak Slamet dipun tugasaken dateng Menado. Bopo Sri Gutomo boten ngandika punapa-punapa.
Pak Slamet nangis amargi rumaos yen ngandikanipun Bopo namung lelamisan kangge nyeneng-nyenengaken Pak Slamet kemawon. Lajeng enggal-enggal pamit wangsul.
Dumugi dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya, Pak Slamet dipun papag Bu Slamet ngasto serat saking kantor. Sareng dipun bikak isinipun nyebataken yen serat tugasipun klentu. Dipun sebataken yen dipun tugasaken dateng Semarang .
Salajengipun boten kacariyosaken kados pundi bingahipun keluarga Pak Slamet.

Jongko punopo sabdo ?
Tegesipun pancen punika jongkonipun Pak Slamet tugas dateng Semarang.
Utawi sabdo saking Bopo Sri Gutomo ingkang saged mahanani kadadosan punika.

Nyumanggakkaken.

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 38 )


Flag Counter

Dialingono gunung pitu, Sri Gutomo weruh.

Para pamirso,
Kawaskitan punika salah satunggaling wacana ingkang kedah dipun gladi dening para warga. Caranipun inggih sarana ening, utawi sujud ingkang emat. Yen pikiran taksih ngambra-ambra tangeh lamun saged kadunungan kawaskitan. Mugi kauningan bilih saben saderek 12 anggadahi kawaskitan maneka warni. Sanadyan makaten, ingkang saged dipun ugemi namung ingkang saking Hyang Maha Suci. Dene sanesipun miturut Bapa Sri Gutomo lan Ibu Sri Pawenang, "yen ana parigawe, ubayane mbalenjani".
Tegesipun: sepisan, menawi kangge pameran , upaminipun ningali panggenan lelembat, saged sumerep. Nanging yen kita mbetahaken, upaminipun madosi lare utawi tiyang ingkang ical, dipun culik lsp. ingkang sampun-sampun malah mboten saged. Ateges mbalenjani. Pramila Pak Sri - Bu Sri paring pepeling supados boten angginakkaken saderek 11 punika. Kawaskitan kedah saking Hyang Maha Suci, sebab punika ingkang tamtu leres mboten tidha-tidha malih.
Kaping kalih, yen warga asring migunakkaken kawaskitan saking saderek, dangu-dangunipun mbaka sakedhik saderek 11 punika anedya nguwasani sarira. Ing tembe, yen wancinipun kapundut wangsul dening Hyang Maha Kuwaos, boten saged wangsul dateng alam langgeng, sabab kagandeng saderek 11 ngambra-ambra dateng pundi-pundi.
Nalika panjenengan nderek sujud penggalian, wonten tataran  ngraosaken getaran ing dhada. Punika ingkang kawastanan belah ketupat. Tuntunan penggalian nuntuni, bilih panjenengan angadepi tiyang, lajeng kraos gegeteran ing dhada sisih kering (kiwa) punika tandha tiyang punika gadah sedya awon, bade ngapusi lsp. Dene yen gegeteran kraos ing sisih tengen punika gadah sedya sae, upaminipun bade paring wawasan utawi pitulungan. Pramila warga kedah sregep sujud supados dhada tansah resik, saged anampi getaran saking jawi (tiyang sanes). Punika ingkang tansah dipun wejangaken para tuntunan. Leres.
Punapa punika kawaskitan saking Hyang Maha Suci ? Mboten.
Ingkang taksih migunakkaken sarana wadhag, punika kawaskitan saking saderek 11.
Lajeng, yen makaten rak mboten perlu dipun latih ?
Wah, perlu sanget ! ! !  Panjenengan tindak-tindak dateng pundi-pundi punika sinten ingkang nggerakkaken ? Saderek 11. Panjenengan dhahar kemawon kedah dipun gerakkaken saderek 11. Gampilipun gegambaranipun kados dene ringgit purwa. Saupami Puntadewa punika Hyang Maha Sucinipun, mboten saged jumeneng dados ratu piyambak., nanging kedah dipun bantu Bima,Arjuna lsp minangka saderek 11.
Kulo lajeng kengetan cariyosipun Pak Kemi (mitranipun Pak Arjo Sopuro). "Bapakku Saji Joyo Ulomo saka Demak, duwe warisan sawah-kebon pirang-pirang hektar. Nanging saben dina pegaweyane mung dikir, sembahyang terus-terusan. Ora tau metu saka omah. Akhire sawah lan kebone entek ora karuan parane. Anak-anakke pada kacingkrangan kabeh kaya aku."
Wosing cariyos, sok tiyango kedah nyambut damel kangge nyekapi kebetahanipun kaluarga. Nalika nyambut damel punika kedah kabantu saderek 11. Nanging sasaged-saged mboten migunakkaken saderek 11 kangge pados padamelan upaminipun ngusadani tiyang sarana saderek Baginda Kilir ing pangangkah nampi pisungsung arta utawi barang. Punika mboten dipun parengaken .
(Nuwun sewu sampun dados kirang renaning penggalih bilih atur kulo punika mboten mranani panjenengan)
Bopo Sri Gutomo nate ngandika: "Dialingono gunung pitu, Sri Gutomo weruh".
Punopo punika kawaskitan saking Hyang Maha Suci ?
Nyumanggakkaken.




Παρασκευή, 28 Αυγούστου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 37 )


Flag Counter Waskita
Waskita punika kasagetan ingkang anglangkungi menggahing panca indria.
Waskita ing pandulu,  punika anyumerepi alaming lelembat ingkang mboten kasat ing mripat (soca).
Waskita ing pamireng punika saged amirengaken ginem utawi rerembagan ingkang mboten kapireng dening talingan awit saking tebihipun, utawi rerembaganing para lelembat.
Waskita ing panggondo. Punika saged anggondo arum utawi bacin ingkang mratelakkaken bilih ing ngriku wonten lelembat utawi sanepo menggahing tetiyang ingkang sampun utawi bade pejah/seda (gondo mayit)
Waskito ing roso (raos). Nalika imbal wacana (pangandikan) kaliyan tamu utawi  tiyang sanes. Yen ing dada sisih tengen kraos kados keduten utawi wonten gegeteran, punika anandakkaken bilih tiyang utawi tamu punika sedyanipun sae. Yen sisih kering (kiwa) kirang sae.
Waskito ing pangandika. Punika ingkang dipun latih para tuntunan. Saderenging paring wejangan  utawi paring ular-ular ing sangajengipun para warga, para tuntunan anglampahi ening. Raos katujokkaken dateng mbun-mbunan. Bilih sampun kraos getaran-getaran ing mbun-mbunan, nembe ngandika, katuntun dening raos ing mbun-mbunan punika. Yen bade ngandika ingkang kirang prayogi utawi ingkang mangkenipun mboten dados renaning panggalihipun para warga, raos tartamtu angelingaken sarana mekak jangga kados tiyang ingkang bade kaselak (tersedak). Pramila kedah kacandet ingkang bade kapangandikakaken punika. Yen to tetep katerusaken, mboten wande dados kirang prayogi ing tembenipun..
Kados pundi caranipun supados panjenengan anggadahi kawaskitan punika ?
Mboten wonten malih caranipun inggih sujud. Sabab kawaskitan punika timbulipun nalika getaran-getaran alus sari-sarining bumi ingkang asalipun saking silit kodok (brutu ayam) minggah manginggil lajeng tempuk kaliyan getaran-getaran sinar cahya Allah, mahanani warni-warni kawaskitan.
Gampilipun, yen panjenengan sregep sujud, tartamtu bade nampi kawaskitan punika.
Nuwun.







Τετάρτη, 19 Νοεμβρίου 2014

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 36 )

Flag Counter

Sanepo , mothah , wejangan lan sabdo. Pangertosan menggahing Wargo Saptao Darmo.
Nuwun poro maos.
Ing saderengipun kulo amiwiti manawi wonten kekirangan tuwin galap gangsulipun, wontena sihipun para kawogan paring susuluh saestu badhe kulo tampi kalayan sanget genging panuwun.
Sanepo. Gegambaran utawi pralambang ingkang katampi dening para warga nalika anglampahi ening, sujud utawi racut.
Contonipun, nalika warga ening angusadani tiyang sakit, pirso sanepo (gegambaran) peksi kekablak (bade mabur) puniko sasmita bilih tiyang sakit punika sampun wancinipun pejah/seda.
Naliko sujud, sumerep aben ajeng kaliyan Bopo Sri Gutomo utawi Ibu Sri Pawenang. Puniko anedahaken bilih sujudipun sampun leres.
Nglampahi  racut. Wangsulipun kados-kados nyepeng sekar. Puniko anandakaken bilih panjenengan dipun gondo arum kados sekar. Tegesipun nami panjenengan sae tumraping  bebrayan lan masyarakat.
Ing ngandap puniko kulo cuplikaken wejangan Bopo Panuntun Sri Gutomo ing buku Dasa Warsa
Hingga dewasa ini banyak para Tuntunan maupun warga yang merasa gembira sekali apabila didalam sujud mendapat gambaran2, meskipun ia tidak dapat meramalkan maksud gambaran tersebut. Dan anehnya gambaran2 yang ia peroleh diramalkan dengan pikir. Bagaimana dapat benar apabila ditafsirkan secara akal pikir ?
Sebab rasa diwejang oleh cahya.
Maka caranya meramali harus pula dengan rasa.

Mothah. Tindak tanduk utawi lelampahan ingkang anglanggar trap susilo (wewarah angka 6)
Umumipun mothah puniko katindakaken dening lare ingkang taksih alit. Sumerep tiyang sadeyan dolanan maneka warni, lajeng mothah, nyuwun dipun pundutaken. Dados lajeng polah kaliyan nangis bengok2. Warga mothah awit naliko sujud kanthi panuwunan warni2. Pengin sugih, pengin gadah kekiyatan ingkang ngedab-edabi, pengin dipun pundi2 ing sasami, pengin sumerep gegambaran maneka warni lan  sanes-sanesipun. Kamongko sadaya puniko namung pakartinipun saderek 11 ingkang wonten pribadinipun piyambak.Yen dipun turuti, inggih lajeng katingal nganeh-anehi lan nglanggar trap susilo ing bebrayan. Pramilo dipun awisi sanget manawi sujud mboten dipun parengaken anggadahi panuwun punopo kemawon. Hyang Maha Kuwasa sampun pirso punopo kemawon ingkang dipun betahaken para warga.
Wejangan.
Para Tuntunan, anerangaken tata cara sujud, kados pundi anglampahi sujud ingkang leres. Ugi kados pundi andarmakaken wewarah 7 ing bebrayan . Puniko sadaya kasebat wejangan. Nalika mejang puniko pikiran lan pangandika dipun tuntun sarana ening.Wejangan puniko mboten pareng kaselo. Yen dereng rampung anggenipun mejang mboten pareng dipun endeg utawi dipun selani ginem , awit ingkang makaten puniko bade ngicalaken utawi angganggu ening ingkang nembe mejang.
Sabdo.
Sabdo puniko pangandikan ingkang medal saking manggelenging raos ingkang karaos pating trecep ing lati lan gegeteran saking mbun-mbunan. Warga Sapta Darma mboten kaparengaken ngandiko awon, sabab yen klentu saget ndrawasi badanipun piyambak. Upaminipun ngandiko sarana muring-muring dateng putranipun, "bocah kok nakal". Manawi pangandikan puniko dados sabdo, tartamtu putranipun dados lare ingkang nakal saestu. Punopo malih yen pangandikanipun langkung awon. Punopo mboten nyilakani ?
Pramilo panjenengan kedah ingkang kathah sabaripun.
Nuwun.

Serat2 mugi kaalamataken
warga.saptadarma@gmail.com













Κυριακή, 24 Αυγούστου 2014

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 35 )


 Flag Counter

Wacana
Sasampunipun panjenengan  maos lelampahan Bopo Sri Gutomo kaca 34 ing bab penelitian sujud ingkang sampun kalampahaken dening Ibu Sri Pawenang, monggo sapuniko sami anjinggleng punopo kemawon ingkang mbokmenawi saget ambikak warana ingkang angalingi lan mboten dipun mangertosi dening sok tiyango. Ing ngandap puniko kulo cuplikaken sakedik kaca 34

Sesudah merasakan getaran2 yang turun dari ubun2 sampai keujung jari2 kaki, dapat dirasakan keluar masuknya hawa melalui pori2 kulit, lama2 dapat terasa se-olah2 napas tidak hanya melalui hidung, tapi juga melalui seluruh permukaan badan. Terasa bahwa badan memang sebetulnya bukan barang yang betul2 padat melainkan seperti saringan. Dalam keadaan ening demikian Sinar-sinar Cahya Allah diluar tubuh lebih banyak "diisap" dan bersama-sama getaran hidup yang ada dalam tubuh "membunuh" bibit2 penyakit yang akan keluar bersama keluarnya keringat.
Dapat dirasakan pula denyutan jantung, mengalirnya darah dalam pembuluh, getaran simpul2 sarap, merayapnya getaran hidup melalui sel2 dalam tubuh, dan lain2 yang bisa dirasakan . Bagian-bagian yang dirasakan akan menjadi lebih kuat dan tahan lama. Itulah cara menjaga kesehatan dengan ulah rasa.


Menawi panjenengan mirsani ringgit wacucal, tamtu pirsa yen pandamelanipun kanti katatah. Dipun tatah njlimet. Pramilo yen kapirsanan saking waliking kelir, katingal sadaya ukiran rumit ing wadagipun ringgit wacucal puniko. Ringgit wacucal sampun wonten saderengipun Kraton Kediri lan Kahuripan.  Panelitian ingkang katindakaken Ibu Sri Pawenang sampun mbikak warana yen ukiran ringgit puniko andedahaken bilih raganing manungso puniko sajatosipun kados saringan. Puniko ugi anyatakkaken bilih jaman kino tiyang Jawi sampun mangertosi jatining wadagipun. Lan puniko dipun giyaraken sarono ndamel ringgit ingkang kaukir kanti rumit. Ing manca nagari ugi wonten ringgit, nanging namung nggambaraken wadag wetah (utuh) kemawon. Mboten kanti ukiran njlimet. Ingkang dados pitakenan inggih puniko, punopo namung wonten tanah Jawi kemawon para pujangga ingkang mangertosi bab  puniko ?
Nuwun.

email: warga.saptadarma@gmail.com