Τρίτη 27 Οκτωβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 39 )

Flag Counter



Jongko punopo sabdo ?

Nuwun poro pamirso,
Ing ngandap puniko kulo namung nyuplik cariyos saking para wargo. Kulo boten anyumerepi piyambak. Mugi ingkang kawogan lan ugi pirso lelampahanipun kerso paring dhawuh yen wonten klentunipun anggen kulo mratelakkaken cariyos punika.
Ing watawis tahun  1958 - 1959 punika wonten pemberontakan PRRI-PERMESTA. Nalika samanten kathah warga TNI ingkang sujud amargi betah "cepengan" utawi piandel kangge ngadepi perang. Salah satunggal Pak Slamet utawi Kapten ALRI Slamet. Tuntunan wilayah Surabaya. Dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya. Pak Slamet punika ugi misanan utawi mbok bilih keponakan Ibu Arjo Sopuro. Satunggaling dinten kesesa-sesa tindak dateng Pare, bade kepanggih Bopo Sri Gutomo. Sasampunipun kepanggih lajeng matur bilih miturut pawartos Pak Slamet bade dipun kintun dateng Menado bidal perang. Mireng punika Bopo Sri Gutomo lajeng ening sakedap lajeng ngandika "SEMARANG".  Makaten kemawon. Lajeng mboten ngandika malih. Saking senengipun Pak Slamet lajeng pamit wangsul dateng Surabaya.
Angsal 3 dinten Pak Slamet wangsul malih  dateng Pare kaliyan ambekta serat tugas ingkang anyebataken Pak Slamet dipun tugasaken dateng Menado. Bopo Sri Gutomo boten ngandika punapa-punapa.
Pak Slamet nangis amargi rumaos yen ngandikanipun Bopo namung lelamisan kangge nyeneng-nyenengaken Pak Slamet kemawon. Lajeng enggal-enggal pamit wangsul.
Dumugi dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya, Pak Slamet dipun papag Bu Slamet ngasto serat saking kantor. Sareng dipun bikak isinipun nyebataken yen serat tugasipun klentu. Dipun sebataken yen dipun tugasaken dateng Semarang .
Salajengipun boten kacariyosaken kados pundi bingahipun keluarga Pak Slamet.

Jongko punopo sabdo ?
Tegesipun pancen punika jongkonipun Pak Slamet tugas dateng Semarang.
Utawi sabdo saking Bopo Sri Gutomo ingkang saged mahanani kadadosan punika.

Nyumanggakkaken.