Τρίτη 27 Οκτωβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 39 )

Flag Counter



Jongko punopo sabdo ?

Nuwun poro pamirso,
Ing ngandap puniko kulo namung nyuplik cariyos saking para wargo. Kulo boten anyumerepi piyambak. Mugi ingkang kawogan lan ugi pirso lelampahanipun kerso paring dhawuh yen wonten klentunipun anggen kulo mratelakkaken cariyos punika.
Ing watawis tahun  1958 - 1959 punika wonten pemberontakan PRRI-PERMESTA. Nalika samanten kathah warga TNI ingkang sujud amargi betah "cepengan" utawi piandel kangge ngadepi perang. Salah satunggal Pak Slamet utawi Kapten ALRI Slamet. Tuntunan wilayah Surabaya. Dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya. Pak Slamet punika ugi misanan utawi mbok bilih keponakan Ibu Arjo Sopuro. Satunggaling dinten kesesa-sesa tindak dateng Pare, bade kepanggih Bopo Sri Gutomo. Sasampunipun kepanggih lajeng matur bilih miturut pawartos Pak Slamet bade dipun kintun dateng Menado bidal perang. Mireng punika Bopo Sri Gutomo lajeng ening sakedap lajeng ngandika "SEMARANG".  Makaten kemawon. Lajeng mboten ngandika malih. Saking senengipun Pak Slamet lajeng pamit wangsul dateng Surabaya.
Angsal 3 dinten Pak Slamet wangsul malih  dateng Pare kaliyan ambekta serat tugas ingkang anyebataken Pak Slamet dipun tugasaken dateng Menado. Bopo Sri Gutomo boten ngandika punapa-punapa.
Pak Slamet nangis amargi rumaos yen ngandikanipun Bopo namung lelamisan kangge nyeneng-nyenengaken Pak Slamet kemawon. Lajeng enggal-enggal pamit wangsul.
Dumugi dalemipun ing Tanjung Perak Surabaya, Pak Slamet dipun papag Bu Slamet ngasto serat saking kantor. Sareng dipun bikak isinipun nyebataken yen serat tugasipun klentu. Dipun sebataken yen dipun tugasaken dateng Semarang .
Salajengipun boten kacariyosaken kados pundi bingahipun keluarga Pak Slamet.

Jongko punopo sabdo ?
Tegesipun pancen punika jongkonipun Pak Slamet tugas dateng Semarang.
Utawi sabdo saking Bopo Sri Gutomo ingkang saged mahanani kadadosan punika.

Nyumanggakkaken.

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 38 )


Flag Counter

Dialingono gunung pitu, Sri Gutomo weruh.

Para pamirso,
Kawaskitan punika salah satunggaling wacana ingkang kedah dipun gladi dening para warga. Caranipun inggih sarana ening, utawi sujud ingkang emat. Yen pikiran taksih ngambra-ambra tangeh lamun saged kadunungan kawaskitan. Mugi kauningan bilih saben saderek 12 anggadahi kawaskitan maneka warni. Sanadyan makaten, ingkang saged dipun ugemi namung ingkang saking Hyang Maha Suci. Dene sanesipun miturut Bapa Sri Gutomo lan Ibu Sri Pawenang, "yen ana parigawe, ubayane mbalenjani".
Tegesipun: sepisan, menawi kangge pameran , upaminipun ningali panggenan lelembat, saged sumerep. Nanging yen kita mbetahaken, upaminipun madosi lare utawi tiyang ingkang ical, dipun culik lsp. ingkang sampun-sampun malah mboten saged. Ateges mbalenjani. Pramila Pak Sri - Bu Sri paring pepeling supados boten angginakkaken saderek 11 punika. Kawaskitan kedah saking Hyang Maha Suci, sebab punika ingkang tamtu leres mboten tidha-tidha malih.
Kaping kalih, yen warga asring migunakkaken kawaskitan saking saderek, dangu-dangunipun mbaka sakedhik saderek 11 punika anedya nguwasani sarira. Ing tembe, yen wancinipun kapundut wangsul dening Hyang Maha Kuwaos, boten saged wangsul dateng alam langgeng, sabab kagandeng saderek 11 ngambra-ambra dateng pundi-pundi.
Nalika panjenengan nderek sujud penggalian, wonten tataran  ngraosaken getaran ing dhada. Punika ingkang kawastanan belah ketupat. Tuntunan penggalian nuntuni, bilih panjenengan angadepi tiyang, lajeng kraos gegeteran ing dhada sisih kering (kiwa) punika tandha tiyang punika gadah sedya awon, bade ngapusi lsp. Dene yen gegeteran kraos ing sisih tengen punika gadah sedya sae, upaminipun bade paring wawasan utawi pitulungan. Pramila warga kedah sregep sujud supados dhada tansah resik, saged anampi getaran saking jawi (tiyang sanes). Punika ingkang tansah dipun wejangaken para tuntunan. Leres.
Punapa punika kawaskitan saking Hyang Maha Suci ? Mboten.
Ingkang taksih migunakkaken sarana wadhag, punika kawaskitan saking saderek 11.
Lajeng, yen makaten rak mboten perlu dipun latih ?
Wah, perlu sanget ! ! !  Panjenengan tindak-tindak dateng pundi-pundi punika sinten ingkang nggerakkaken ? Saderek 11. Panjenengan dhahar kemawon kedah dipun gerakkaken saderek 11. Gampilipun gegambaranipun kados dene ringgit purwa. Saupami Puntadewa punika Hyang Maha Sucinipun, mboten saged jumeneng dados ratu piyambak., nanging kedah dipun bantu Bima,Arjuna lsp minangka saderek 11.
Kulo lajeng kengetan cariyosipun Pak Kemi (mitranipun Pak Arjo Sopuro). "Bapakku Saji Joyo Ulomo saka Demak, duwe warisan sawah-kebon pirang-pirang hektar. Nanging saben dina pegaweyane mung dikir, sembahyang terus-terusan. Ora tau metu saka omah. Akhire sawah lan kebone entek ora karuan parane. Anak-anakke pada kacingkrangan kabeh kaya aku."
Wosing cariyos, sok tiyango kedah nyambut damel kangge nyekapi kebetahanipun kaluarga. Nalika nyambut damel punika kedah kabantu saderek 11. Nanging sasaged-saged mboten migunakkaken saderek 11 kangge pados padamelan upaminipun ngusadani tiyang sarana saderek Baginda Kilir ing pangangkah nampi pisungsung arta utawi barang. Punika mboten dipun parengaken .
(Nuwun sewu sampun dados kirang renaning penggalih bilih atur kulo punika mboten mranani panjenengan)
Bopo Sri Gutomo nate ngandika: "Dialingono gunung pitu, Sri Gutomo weruh".
Punopo punika kawaskitan saking Hyang Maha Suci ?
Nyumanggakkaken.