Πέμπτη 30 Ιουνίου 2011

Lelampahan Bopo Sri Gutomo (kaca 31)

simbol pribadifree counters


WEWARAH AGAMA SAPTA DARMA JILID 1
Kahimpun dening
SRI PAWENANG
Pamedar Sabda Panuntun Agama "SAPTA DARMA"
Kawedalaken dening : Yayasan "SRATI DARMA"
-------------------------------------------------------------------------------------
Dipun awisi sanget sok sintena ingkang anyitak utawi anyade buku punika.

SESANTI
Ing ngendi bae marang sapa bae warga Sapta Darma kudu sumunar pinda baskara.

Foto Panuntun SRI GUTAMA



Foto Panuntun wanita SRI PAWENANG


ISINIPUN BUKU

Bab I. Bebuka.
" II. Gegayuhan Agama "Sapta Darma".
" III. Katerangan wewarah 7, wajibing warga "Sapta Darma".
" IV. Katerangan simbul "Sapta Darma".
" V. Katerangan bab sujud.
" VI. Pigunanipun sujud lan katerangan asaling toya suci (sari).
" VII. Ngusadani tiyang sakit saha cara2nipun.
" VIII. Ening utawi "Semedi"
" IX. Tukar hawa, Ulah rasa lan Racut.
" X. Tali rasa.
" XI. Pepenget.

I. BEBUKA

Buku wewarah Agama Sapta Darma" cap-capan ingkang sampun2 senadyan isinipun sampun mentes, ewa semanten kangge ngleksanani pamundutipun sakatahing para warga tuwin para maos ingkang ambetahaken keterangan2 ingkang ceta, amrih sampun ngantos wor suh anggenipun anindakkaken wewarah, pramila Panggubah pikantuk palilah saking panyenenganipun Panuntun Agung, andapuk buku punika ingkang pokok isinipun mboten ngewahi ingkang lami, namung unda usuking bab, kaewah, kawewahan tuwin dipun kirangi, ngengeti tataran kekiyataning pangudi.

Dapukan punika kaangkah kalajengaken dados pinten2 jilid, ingkang isinipun nyekapi sadaya wewarah saha ilham-ilham ingkang katampi dening Bapa Panuntun SRI GUTAMA.

Mila buku wedalan enggal punika ngewrat dasar2 saha keterangan2 ingkang langkung ceta, minangka sesuluh tumrap para ingkang ambetahaken, supados sampun ngantos tida-tida malih panggladining pribadinipun, anggayuh dateng kaluhuraning bebuden.

Basanipun kadamel basa Jawi, kalarasaken kaliyan ungel-ungelaning pesujudan, nanging mboten wonten awonipun ing tembe kawedalaken mawi basa sanes-sanesipun ingkang salaras kaliyan kawontenan.

Bilih isi saha katerangan2 ingkang kaewrat ing buku punika meksa taksih kirang ceta, kersaa ingkang kawogan mundut keterangan dumateng warga/ tuntunan ingkang celak. Jalaran buku punika namung kagem nyekapi langkung rumiyin kabetahaning warga "Sapta Darma".
Pramila bilih wonten satunggiling peminat ingkang kepingin sujud, kita aturi nyuwun pitedah dateng para warga/ tuntunan "Sapta Darma". sageda katuntuni sujudipun sampun ngantos kacobi-cobi piyambak, amrih saged leres sampun ngantos klentu anggenipun nindakkaken sujud kalawau.
Ewa semanten sakatahing kritik pitedah sampurnaning isi buku punika, sanget ka-ajeng2 saha katampi kanti ikhlas lan sucining manah.
Wasana mugi2 buku punika saged murakabi dumateng para maos umumipun saha para warga "Sapta Darma" khususipun.
Gusti ingkang Maha Kuwaos tansah angayomana lan angabulna sadaya gegayuhaning Satriya Utama kangge mangayu-ayuning Bawana.
Ngayogjakarta, 1 Asjura 1891.
Panggubah.

WEWARAH pitu wajibing warga "Sapta Darma".
"Saben warga kudu netepi wajib ":
1. Setia tuhu marang ananing Pancasila Allah.
2. Kanti jujur lan sucining ati kudu setia anindakake angger-angger ing Negarane.
3. Melu cawe2 acancut tali wanda njaga adeging Nusa lan Bangsane.
4. Tetulung marang sapa bae yen perlu, kanti ora nduweni pamrih apa bae , kajaba mung rasa welas lan asih.
5. Wani urip kanti kapitayan saka kekuwatane dewe.
6. Tanduke marang warga bebrayan kudu susila kanti alusing budi-pekerti, tansah agawe pepadang lan mareming liyan.
7. Jakin yen kahanan donya iku ora langgeng, tansah owah gingsir (anyakra manggilingan)


II. Gegayuhan Agama "Sapta Darma"
Gegayuhaning Agama "Sapta Darma" bade mangayu-hayu bagya bawana. Liripun bade ambudidaya amrih sagedipun gesanging manungsa punika bagya ing alam donya saha akhiratipun.
Pramila "Sapta Darma" bade anuntun umat manungsa, dumateng kasampurnaning gesang rokhani lan jasmani. Kangge angleksanani gegayuhan punika "Sapta Darma" caos pepadang dumateng sadaya umat, sarana anglantaraken ilham2 "Sapta Darma" ingkang wiwitan katampi dening Panuntun Sri Gutama, bangsa Indonesia asal saking Pare (Kediri) Jawa Timur. Sejarah tumuruning Ilham2 ingkang sarana paseksen para sahabatipun ingkang gantos-gumantos, bade kaewrat ing buku wewarah jilid salajengipun.
Menggah inti sarining piwulang Agama "Sapta Darma" ingkang kabeberaken dumateng sadaya umat ingkang karsa, kaprinci kados ing ngandap punika

1. Nanem kandeling kapitadosan, sarana nedahaken bukti2 saha paseksen bilih Allah punika wonten lan sawiji, nguwaosi alam lan sak-isinipun ingkang dumados. Kagungan sipat2 ingkang utami, gangsal perkawis inggih punika:
a. Maha Agung. b. Maha Rokhim c. Maha Adil d. Maha Wasesa e. Maha Langgeng
Pramila manungsa wajib angluhuraken asma Allah, saha setiya tuhu anindakkaken dawuh2ipun.

2. Anggladi sampurnaning manembah (sujud) inggih punika manembahing rokhani dumateng ingkang Maha Kuwaos anggayuh bebuden luhur, sarana cara2 ingkang gampil lan prasaja, saged katindakkaken dening sadaya umat.

3.Andidik manungsa atindak suci lan jujur, anggayuh napsu budi lan pakarti tumuju dumateng kaluhuran lan kautaman kangge sanguning gesang bebrayan ing alam donya saha ing akherat. Mila "Sapta Darma" ndidik warga2-nipun dadosa Satriya Utama tansah trap susila berbudi bawa leksana, ambek welas lan asih, remen tetulung dumateng sesamining umat ingkang nandang pepeteng, ugi andidik sageda gesang kanti kekiyatanipun piyambak, sepi ing pamrih, rame ing gawe, wonten ing pundi papan, dateng sintena kemawon tansah sumunar pinda baskara.
Tumrap warga "Sapta Darma" isining "Wewarah Pitu" wajib katindakkaken lan kalenggahan ingkang saestu saha kadarmakkaken dateng sesamining umat.

4. Paring piwulang dumateng warga2-nipun sageda mranata ing gesangipun. Ngengeti gesangipun manungsa wonten ing donya winengku dening gesanging rokhani tuwin gesanging jasmani. Pramila kedah saged ambagi wekdal, upaminipun :wanci siyang makarti kangge nyekapi kabetahanipun jasmani, dene ing wanci dalu tuwin wekdal ingkang senggang, kangge nyekapi kabetahaning rokhani (sujud manembah dumateng ingkang Maha Kuwaos, anggula wentah raos lan sapanunggilanipun). Bilih kalih2-ipun katindakkaken sarana tertib, temtu bade saged anggayuh luhuring rokhani lan jasmani.

5. Wewarah panggladi sampurnaning sujud ingkang kaceta ing angka 2 bilih katindakkaken kanti ikhlas lan emating raos ingkang alus sanget, miturut "Sapta Darma" saged andayani ,manungsa kadunungan kawaskitan ma-rupi2 upaminipun: waskitaning pandulu, pangganda, pamiyarsa, rasa, lan pangandika.
Ingkang sampun saged kabukten dening sakatahing warga "Sapta Darma" upaminipun : Sabda usada kangge tetulung tiyang sakit. Waskita ing pandulu, pangganda, pamiyarsa kangge nampeni sasmita ingkang kaparingaken saking Ingkang Maha Kuwasa.
Anggayuh sabda luhur lan kawaskitan ing "Sapta Darma" punika katindakkaken wonten ing sanggar2 sesarengan para warga, sarana dipun tuntuni dening tuntunan sanggar, umpaminipun ing wanci dalu, mboten ketang namung dumugi jam 11 utawi 12. Dene wonten ing griya saged sakjam-jamipun kangge latihan piyambak wonten ing papan pasujudan ingkang katemtokaken, asal tentrem, resik lan suci.
Patileman umum mboten prayogi kangge panggenan sujud.
Dados tumrap "Sapta Darma" sanggar punika panggenan ingkang suci, pramila kedah piningit, mboten kenging kangge nindakkaken padamelan ingkang sarwa nilar katentreman lan kasucian. Upaminipun: gegujengan, tukar paben, nindakkaken padamelan maksiyat lan sapanunggilanipun.

Pepenget
Tumrap para warga, utawi sinten kemawon ingkang nindakkaken, anggladi sujud, ulah raos utawi racut, dipun awisi sanget nilar wewarah ingkang kaewrat ing buku suci punika, upaminipun: sikep ingkang mboten susila, ing wekdal ngadep Hyang Maha Kuwasa.
Pramila bilih nindakkaken latihan sesarengan wonten ing sanggar, prayogi wonten satunggaling warga ingkang kayibah dening tuntunan ngulat-ulataken tumindaking warga2 sanesipun.

6. Ngicalaken kapitadosan dumateng sadaya takhayul. Dumuginipun titi wanci punika saperangan ageng bangsa ing Indonesia taksih pitados dumateng takhayul.
Ingkang makaten punika asring sanget ngrendetaken kamajenganing bangsa ing dalem gesang bebrayan ing alam donya mriki. Piwulang Agama "Sapta Darma" namung ngluhuraken dumateng Allah ingkang sawiji, dene manungsa kagolong umat ingkang luhur piyambak ing alam donya lan pinaringan purbowasesa saking Panjenenganipun.
Pramila penganut Agama "Sapta Darma" ingkang sampun anindakkaken sujud anglampahi kuwajiban ingkang kaewrat ing Wewarah Pitu, boten perlu malih nyirik dateng dinten, wulan, mangsa lan sapanunggilanipun kangge nindakkaken pedamelan.
Dipun awisi : ngluhuraken watu, kayu, memundi sawarnaning dedamelan manungsa limrah, memundi saha neda pitulungan lelembat, pasang sawarnining sesaji ingkang amurih mboten kaganggu ingkang ambahu rekso griya, pakawisan utawi dusun lan warni2 takhayul sanes2-ipun. Semboyanipun warga2 "Sapta Darma" : "Satria Utama kinasih lan kinayoman dening Hyang Maha Kuwaos, tinebihaken saking pandameling angkara murka".
Mila para warga "Sapta Darma" bilih saestu2 anggayuh kanti anindakkaken wewarah ingkang kabeberaken dening Panuntun Agung Agama "Sapta Darma", mesti saget anggayuh katentremaning pribadi, bagjaning umat manungsa ing donya saha ing alam akhirat.

III Wewarah pitu wajibing warga "Sapta Darma" saha keteranganipun
Saben warga kedah netepi wajib kados ing ngandap punika :
1. Setia tuhu marang ananing Pancasila Allah.
Ingkang dipun wastani Pancasila Allah inggih punika sipat kaluhuran Allah ingkang gangsal prakawis:
a. Maha Agung. b. Maha Rokhim c. Maha Adil d. Maha Wasesa e. Maha Langgeng
Tegesipun: Tembung Maha ateges Luwih mboten wonten ingkang nyameni malih.
a. Allah Hyang Maha Agung, tegesipun mboten wonten ingkang nyameni berbudinipun, mila manungsa inggih kedah anggadahi watak berbudi dumateng sesamining umat.
b. Allah Hyang Maha Rokhim, tegesipun mboten wonten ingkang nyameni ing welas lan asihipun, mila manungsa kedah anggadahi watak welas lan asih dumateng sesamining umat.
c. Allah Hyang Maha Adil, tegesipun mboten wonten ingkang nyameni ing adilipun, mila manungsa kedah tumindak adil dumateng sinten kemawon, ingkang ateges mboten kenging mbedak-mbedakaken.
d. Allah Hyang Maha Wasesa, tegesipun Allah masesa saisining alam kalebet sadaya para umat. Dene kita manungsa dipun paringi purbawasesa, kangge nyekapi kabetahaning rokhani lan jasmani.
e. Allah Hyang Maha Langgeng, tegesipun Allah sipat langgeng datan wonten ingkang nyameni, dene manungsa ingkang langgeng rokhaninipun, awit rokhani asal saking sinar cahya Allah, jasmani asal saking sari-sarining bumi. Pramila manungsa kedah ngudi supados anggadahi bebuden ingkang luhur.
Luhuring bebuden mahanani luhuring asma. Bilih ing tembe rokhani nilar jasmani, manungsa pejah, luhuring asma tetep, ananging jasmani ingkang asalipun saking sari2ning bumi wangsul dateng asalipun malih inggih punika ing bumi(siti). Dene rokhani wangsul dateng alam langgeng, utawi sentralipun.

2. Kanti jujur lan sucining ati kudu setiya nindakake angger2 ing negarane.
Keterangan
Manungsa gesang ing alam donya umumipun dados warganing salah satunggaling negari. Sadaya angger2 utawi pranatan satunggil-satunggiling negari temtu anggadahi gegayuhan: adamel sae tumrap negari punika.
Pramila kita warganing Agama "Sapta Darma" ugi warganing negari kedah sarana jujur saha suci nindakkaken pranataning negarinipun amrih negarinipun saged sae kados ingkang dipun idam-idamaken. Upaminipun: Kita warga Negari Indonesia kedah taat kaliyan Undang2 Negara Indonesia.

3. Melu cawe-cawe acancut taliwondo anjaga adeging Nusa lan Bangsane.
Keterangan:
Warga "Sapta Darma", dumateng sadaya kuwajiban ingkang tumuju dumateng tata tentrem, saha kemajengan, miwah karaharjaning nusa lan bangsanipun, mboten kenging selak utawi anggadahi tekad sumarah punapa dene masa bodo. Kedah tumut ambiyantu tenaga miwah banda saha pikiran samestinipun miturut kekiyatanipun piyambak-piyambak.

4. Tetulung marang sapa bae yen perlu,kanti ora nduweni pamrih apa bae, kajaba mung rasa welas lan asih.
Keterangan:

Srananipun tiyang tetulung punika warni2 inggih punika: tenaga, banda lan pikiran. Tumraping para warga "Sapta Darma" taksih kawewahan: Sabda Usada, inggih punika kaginakkaken nulungi tiyang sakit. Tetulung ingkang kasebut ing nginggil punika mboten kenging mawa pamrih punapa kemawon, namung dasar welas lan asih. Langkung2 tetulung dumateng tiyang sakit sarana migunakkaken sabda, karana sabda makaten punika kagunganipun Hyang Maha Kuwasa, dene para warga namung kangge lantaran nindakkaken kerokhiman Allah. Pramila mbok bilih wonten warga ingkang nglanggar, nyumanggakaken bilih wonten bebenduning Allah.

5. Wani urip kanti kapitayan saka kekuwatane dewe.
Keterangan:

Manungsa gesang punika sampun kaparingan akal-budi saha pirantos pepak kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Warga "Sapta Darma" kedah anggladi gesang sarana migunakkaken kekiyatanipun piyambak, sampun ngajengaken pitulunganing sanes. Mboten kenging melik darbeking sanes ngumbar hardaning kamurkan, ingkang adamel kapitunan dateng sintena kemawon. Kedah pitados bilih makarti sarana jujur migunakaken akal budi ingkang utami, bade saged nyekapi gesangipun.

6. Tanduke marang warga bebrayan kudu susila, kanti alusing budi pakarti, tansah agawe pepadang lan mareming liyan.
Keterangan:

Ingkang dipun wastani warga bebrayan inggih punika pasrawungan kaliyan sintena kemawon ing masjarakat. Warga "Sapta Darma" kedah saged sesrawungan kaliyan sinten kemawon, jaler estri, sepuh enem, ageng alit, luhur lan asor.
Anggladi watak andap asor, alus ing solah-tingkah, ing pangandika tansah adamel lega saha mareming sanes. Nglenggahi trep susila; tumrap sipating wanita dateng priya, priya dateng wanita, sarta kedah saged anjagi kaluhuraning pribadi.

7. Yakin yen kahanan donya iku ora langgeng tansah owah gingsir (anyakra manggilingan).
Keterangan:

Owah gingsiring kawontenan donya kados dene lampahing jinantra. Warga "Sapta Darma" kedah ngengeti bilih kawontenan ing donya punika mboten ajeg.

Kesimpulan:
Dados ingkang kawastanan Warga "Sapta Darma" kedah anindakaken wewarah 7.
Sapta = 7, Darma = kuwajiban suci (bakti). Mila wewarah 7 punika mboten kenging kapisah-pisahaken antawisipun satunggal lan satunggalipun., sebab punika mujudaken satunggaling bulatan.
-------------------------------------------------------------------------------------



IV SIMBUL "SAPTA DARMA"
Keterangan:

Gambar punika nyanepakaken sifat-sifat tuwin pribadining manungsa.
1, Wujudan persegi ingkang kaentra belah ketupat nyanepakaken: asal dumadining manungsa:
a. nginggil sinar cahya Allah;
b. ngandap sarining bumi;
c. kiwa lan tengen pelantar bapa lan biyung.

2. Pinggir ijem sepuh sanepaning wadag (wadah)

3. Dasar ijem maya (enem).
Sinar cahya Allah, hawa utawi geteran. Mila ing salebeting wadaging manungsa dipun liputi sinar cahya Allah.

4. Wajikan tiga ingkang sami agengipun arupi petak, anedahaken ugi asal dumadining manungsa saking tritunggal, inggih punika:
1. toya sarining bapa
2. toya sarining ibu.
3. sinar cahya Allah (kiwa, tengen,nginggil).
Petak sanepaning suci, sami agengipun, njawi nglebet sami resikipun.
Pikajengipun: Warga "Sapta Darma" sami mangertosana, bilih asal dumadining manungsa punika saking barang resik utawi suci. Pramila samiya ngudi wangsul dateng suci kados asalipun sarana ngresiki jasmani saha rokhaninipun.

5. Wajikan 3 anggadahi pojokan 3 X 3 = 9.
Nyanepakaken manungsa anggadahi bolongan 9, inggih punika: tutuk 1, mripat 2,irung 2,talingan 2, ngandap 2.

6. Bunderan nyanepakaken: kawontenan ingkang tansah owah gingsir (cokro manggilingan). Gesanging manungsa bade wangsul dateng asalipun malih yen tumindak bebuden luhur. Rokhaninipun manungsa bade wangsul dumateng ingkang Maha Kuwasa ing Alam Langgeng. Jasmani bade wangsul dateng asalipun ugi, inggih punika asal sari-sarining bumi wangsul dateng bumi malih.

a. Warni cemeng:
hawa cemeng medal saking tutuk, menawi kita ngendika awon.
Pangertosan, asaling hawa cemeng inggih sebab dayaning hawa ingkang sampun beku. Sagedipun hawa beku kala wau ical gantos resik, supados sregep sujudipun saha mboten ngendika awon, dateng sinten kemawon.

b. Warni abrit ateges:
hawa abrit medal saking talingan yen kita pinuju nesu.
Pangertosan warni abrit: inggih punika sebab dayaning pangrangsang suwanten, numusi getering indriya ingkang dumunung wonten talingan, menawi mirengaken suwanten ingkang awon utawi mboten cocok kalian raos ingkang kakersakaken dening rokh sucining manungsa. Mila sipatipun layeng muntab, wonten karsa bade nelukaken dateng sok sintena ingkang kasebat utawi kapireng kala wau. Mila manungsa kedah saged nuntun sipat awon wau kanti mboten mirengaken sedaya suwanten ingkang awon, upamia mireng, mboten usah dipun raosaken.

c. Warni jene teges: pepenginan, hawa jene medal saking paningal, yen kita kepingin samukawis punapa kemawon.
Pangertosan warni jene: ateges sipat kekajengan sebab daya pangrangsanging paningal ingkang kaleres kagem mirsani sadaya ingkang sae utawi sanes2-ipun pepinginan. Pramila manungsa kedah saged nuntun pepinginan kala wau dateng tujuan ingkang leres.

d. Warni petak ateges: tumindak suci. Asalipun sebagian ageng saking hasil karyaning perangsang indria grana. Indria grana namung saged utawi purun nampi sinar2-ing Allah kemawon utawi sadaya ingkang suci utawi resik. Liripun menawi wonten hawa utawi ambet ingkang awon grana mboten purun nampi. Amargi grana sampun waskita. Pramila bilih manungsa bade kepengin waskita sageda indria 3 kala wau, tumindak kados dene tumindakipun indria grana.

Liripun: mripat kanggea amriksani barang ingkang sae kemawon, talingan kangge mirengaken basa (suwanten ingkang sae kemawon saha tutuk sampun ngantos ngendika ingkang awon, kedah ingkang sae (petak,resik). dados ing ngriku saged jumbuhaken asaling manungsa ingkang suci (petak)

e. Ageng aliting bunderan punika anedahaken ageng aliting sifat ingkang sekawan kala wau ingkang dipun gadahi dening manungsa. Pramila manungsa kedah saged mbedak2aken dumateng sadaya karsa lan tumindak, pundi ingkang kagolong wonten warni cemeng; abrit, jene utawi petak.

7. Gambar bunderan ing tengah2 warni petak katutup gambar Semar,
ugi nyanepakaken bolonganing embun-embunanipun manungsa.
Dados bolongan kita punika 9 kados kasebat ngajeng (no.5).
10 tinutup utawi pudak sinumpet.
Gambar bunderan (embun2an) petak nyanepakaken Nur Cahya utawi Nur petak, inggih hawa suci (Hyang Maha Suci) ingkang saged sesambungan kaliyan Hyang Maha Kuwasa. Mila bilih kita sujud ngangkaha Hyang Maha Suci sujud Hyang Maha Kuwasa. Liripun: manggelengaken raos ing embun2an, ngantos maujud nur petak ingkang saged sowan kaliyan Hyang Maha Kuwasa.

8. gambar Semar ugi nyanepakaken bebuden luhur.
Pikajenganipun: Warga "Sapta Darma" ngudia anggadahi bebuden kados Semar.
Semar nuding mawi panuduh nyanepakaken:
datan wonten sesembahan kajawi Allah sawiji.
Semar nggegem, nyanepakaken ngregem rasa kaluhuran;
ngangge pusaka nyanepakaken sabda ingkang sarwa petak.
Wironing kampuh gangsal, nyanepakaken nglenggahi Panca Sila Allah.
Mila warga "Sapta Darma" samiya anggladi pribadi nulad tindak tandukipun Ki Lurah Semar kados kasebat ing nginggil. Kaparibasakaken Semar punika Dewa mangejawantah, senadyan ala tanpa rupa nanging luhur budine.
9.Seratan Jawi: napsu, budi,pakarti, inggih isi pitedah, bilih ing pribadining manungsa anggadahi napsu, budi, pakarti sae lan awon (luhur lan asor).
Agami "Sapta Darma" nuntun manungsa anggayuh budi pakarti ingkang luhur.
Seratan Sapta Darma
tegesipun: Sapta = pitu. Darma = kuwajiban suci.
Pramila warga "Sapta Darma" wajib nindakkaken sarta ngamalaken wewarah 7 ingkang kakersakaken Hyang Maha Kuwasa.
Dados miturut keterangan ingkang kasebat ing nginggil, simbul "Sapta Darma" punika anggambaraken isinipun manungsa, ingkang perlu kamangertosana saha kagulawentah dening para pangudi kaluhuraning bebuden miturut wewarah Agama "Sapta Darma"

V. Sujud (sembaHyang) "Sapta Darma" lan keteranganipun.
Warga "Sapta Darma" kawajibaken sujud ing dalem 24 jam (sedinten sedalu) se-kedik2-ipun sapisan. Langkung saking sapisan langkung utami.
Bilih wonten ing sanggar saged sesarengan kaliyan Tuntunan, kenging sajam-jamipun. Namung langkung prayogi katemtokaken.
Trap susilaning lenggah:
1.**
Lenggah madep mangetan.
Tumrap kakung sila, tumrap putri timpuh.
Ewa semanten kenging mendet sasekecanipun, asal mboten nilar trap susila.
Asta kasedakepaken, kiwa wonten ing nglebet tengen wonten ing jawi.
Mriksanana gambar No. 1 lan No. 2.


********** Gambar No. 1 lan No. 2 **** Gambar No. 3 lan no 4

2.***
Sak lajengipun ngleremaken badan,
paningal mriksanana mengajeng leres kinten2 1 meter saking dumununging lenggah,
sirah lan ula-ula sagaris jejeg.
3.***
Sak sampunipun lenggah saha sariranipun lerem. ngucapa ing batos"
"Allah Hyang Maha Agung"
"Allah Hyang Maha Rokhim"
"Allah Hyang Maha Adil".

4.***
Saksampunipun lerem,
ing mriku wonten hawa (getaran) ingkang wonten nglebet saking ngandap manginggil.
Minangka tanda,
pucuking ilat kraos pating trecep.
5.***
Lajeng raos manginggil malih ngantos dumugi sirah,
mila nutup tlapukan mripat sarana geteran.
Sirah kraos awrat;
tanda yen raos (geteran) sampun kempal sadaya wonten sirah mila mahanani goyanging badan.
6.***
Ing ngriku lajeng wiwit ngraosaken sari2-ning toya ingkang wonten ing brutu (silit kodok).
Lampahipun alus sanget minggah medal ing ros-rosan ing ula-ula.
7.***
Pandungkluking badan terus kaetutna kanti emat sanget
ngantos batuk dumawah ing siti (ngandap).
8.***
Wekdal sirah ndingkluk dumugi ing siti,
lajeng ngucap ing dalem batos:
]"Hyang Maha Suci sujud Hyang Maha Kuwasa"., (kaping 3).
Mriksanana gambar No. 3 lan No. 4
9.***
Sak sampunipun ndingkluk ingkang kaping sapisan
sirah kajunjung alon2 minggah
ngantos lenggah jejeg malih kados ing wiwitan ngajeng.
10.***
Makaten sak lajengipun ngantos sirah ndingkluk kaping kalihipun tumunten ngucap ing batos:
"Kesalahane Hyang Maha Suci nyuwun ngapura Hyang Maha kuwasa" (kaping 3)
11.***
Sirah kaangkat malih kados ngajeng.
Ndingkluk kaping tiganipun lajeng ngucap ing batos :
"Hyang Maha Suci mertobat Hyang Maha Kuwasa" ( kaping 3).
12.***
Lajeng lenggah malih, sarira taksih lerem sawatawis menit dangunipun.

Keterangan Pasujudan
1. Allah Hyang Maha Agung, Allah Hyang Maha Rokhim, Allah Hyang Maha Adil. pikajengipun: angluhuraken asma Allah, saha enget dateng sipat kaluhuranipun ingkang Maha Kuwaos.
Punika kaucapaken ing batos mboten namung kangge miwiti sujud kemawon, nanging ugi samangsa warga "Sapta darma" bade miwiti ening (semedi). dene tegesipun sampun kaewrat ing nginggil bab ngajeng (Bab III).

2. Hyang Maha Suci Sujud Hyang Maha Kuwasa.
Hyang Maha Suci: sesebataning rokh suci kita piyambak, ingkang asal saking sinar cahyaning Allah ingkang ngliputi badan kita piyambak.
Maha = linuwih; Kuwasa = nguwasani. Tegesipun Maha = meliputi/linuwih.
Dados kesucian ingkang nyumrambahi wonten pribadi kita punika ingkang sujud dateng Hyang Maha Kuwasa(menembah),
Hyang Maha Kuwasa
= sesebutaning Allah ingkang nguwaosi alam sak isinipun, kalebet manungsa (alus lan wadagipun).
Sujud
= sumarah ing purba lam wasesanipun.
Dene tegesipun: Rokh Suci kita masrahake purba lan wasesanipun dumateng Hyang Maha Kuwasa.

3. Kesalahane Hyang Maha Suci Nyuwun Ngapura Hyang Maha Kuwasa.
Tegesipun: kalepataning Rokh Suci nyuwun pangapunten dumateng Hyang Maha Kuwasa. Saksampunipun rokh suci sujud, lajeng naliti kesalahan-kesalahan (dosa2) saben dintenipun.
Lajeng pasrah nyuwun ngapunten dateng Hyang Maha Kuwasa, sedaya dosa2 (kesalahan2) kalawau.

4. Hyang Maha Suci Mertobat Hyang Maha Kuwasa.
Sasampunipun nyuwun pangapura lajeng mertobat, ingkang ateges mboten bade nindakaken dosa (kalepatan) malih.

Pepenget
Warga "Sapta Darma" samiya anggladi sujud ingkang sak estu, miturut wewarah kasebat ing nginggil,
sampun ngantos nindakaken sujud wadag, utawi sujudipun karep, awit tanpa guna kenging kaparibasakaken : sujud rubuh-rubuh gedang.
Dene sujud 3 dingklukan kala wau kawastanan "Sujud dasar" utawi "Sujud wajib"

VI. Pigunaning sujud, saha keterangan asaling toya sari (suci).
Nindakake sujud ingkang sami emat miturut pitedah ing bab gangsal, ageng sanget pigunanipun. Sedinten sadalu sakedik-kedikipun sapisan, kerep langkung sae,
nanging ingkang dipun pentingaken ematipun.
Mboten kenging kasesa utawi ambujeng enggalipun rampung.
Pramila manawi nindakaken sujud miliha wanci ingkang ayem lan tentrem, ing sengganging padamelan.
Sujud miturut wewarah punika bilih katliti sayektos,
nuntun lampahing toya sari ingkang sampun kasaring mawantu-wantu,
saha nuntun lampahing sinar cahya ingkang dumunung wonten ing salebeting badan,
kawradinaken nglangkungi pori2, (bolongan ingkang lembat sanget),
tuwin sel2 (peranganing daging urat2) ing sak indenging badaning manungsa.
Perlu dipun mangertosi punapa ta getaran saha toya sari punika lan asalipun, dunungipun ing pundi ?
Getaran inggih sinar cahya Allah
inggih hawa ingkang kasanepakaken ijem maya2 ing ngajeng ingkang dumunung ing lebet saranduning pribadining manungsa.
Dene toya sari inggih toya petak, utawi toya suci,
asalipun saking sari2 bumi, dados tetuwuhan,
dados dedaharan kadahar dening manungsa.
Sari2-ning dedaharan kala wau mujudaken toya petak (sari) ingkang dumunung ing cetik (silit kodok).
Manunggiling geteran sinar cahya kaliyan geteran toya sari
ingkang mlampah alus sanget ing saranduning badan sakujur, mahanani daya kekiyatan ingkang ageng sanget.
Dene kekiyatan kala wau saged kawastanan atoom ingkang berjiwa dumunung wonten ing pribadi manungsa.
Kekiyatan wau ageng sanget paedahipun, amargi saged ambrantas kuman2 penyakit,
ngleremaken napsu angkara, nglantipaken akal lan pikiran,
saget nampeni kawaskitan mawarni-warni,(waskita ing pandulu, pamiyarsa, pangganda, waskita ing pangandika saha waskita ing rasa).
Manggelengipun ing embun-embunan maujudaken Nur,
minggahipun manginggil ngadep Hyang Maha Kuwasa
saged nampeni sasmita warni2 kadosta: sanepan gegambaran2, seratan2,(sastra jendra hayuningrat = tulis tanpa papan).
Sarananipun mboten sanes namung pangolahing rokhani ing wekdal sujud
saha panggulawentahing budi pakarti dumateng keluhuran.
Panggulawentahing pribadi punika tumrap para ingkang sampun saged, prasasat nyitak "atoom" ingkang berjiwa ing pribadinipun.

VII. Ngusadani tiyang sakit saha caranipun.
Tumrap warga "Sapta Darma", tansah ngengeti wewarah 7 (pitu) sarta dipun wajibaken suka pitulungan dumateng sadaya umat ingkang nandang sakit, nanging mboten kenging pisan2 neda pituwas utawi anggadahi pamrih punapa kemawon, kajawi dedasar welas lan asih, salugu nindakaken kerokhiman Allah.
Bebendu Allah bade dumawah dumateng sadaya ingkang nerak wewaler, nanging kosok wangsulipun Allah tansah paring kekiyatan lan kanugrahan dumateng sintena ingkang setiya tuhu nindakaken dawuh-dawuhipun.
Rokhmat Allah sangkan paran dumadinipun.

Caranipun ngusadani:
ening kaliyan melek katujokaken dumateng peranganing badan ingkang sakit.
Saksampunipun raos kempal ing tutuk, ilat kraos trecep-trecep,
ing batos nyebat asma Allah: Allah Hyang Maha Agung, Allah Hyang Maha Rokhim, Allah Hyang Maha Adil,
nunten kasabda: "WARAS".
Tiyang ingkang sakit kapuriha ngraosaken.
Bilih sakitipun sampun tetahunan, utawi sakit ing perangan nglebet, upaminipun:paru2; asma, ayan, lepra, nier (ginyel), tekanan darah (bloedruk) lan sapanunggilipun,
tiyang ingkang sakit katuntuna sujud emating raos.
Sak sampunipun sujud kapurih ngucap ing batos
:"Njaluk gerake Nur Rasa".
Ening raos katujokaken ing asta.
Bilih asta sampun geter (gerak) , ing batos kapurih ngucap
:"Njaluk ditambani nganti waras".
Asta wau kaetutna gerakipun dateng pundi purugipun, kangge ngusadani sakitipun.
Mboten kenging pisan-pisan kacampuran pangraos (mawa karep) utawi kasengaja kapurugaken ing perangan ingkang sakit.
Asta tiyang sakit kala wau gerak, anggrayang perangan ing pundi kemawon kaetutaken ngantos ingkang sakit kraos enteng.
Makaten punika katindakaken saben dinten ngantos saras.
Dene menawi sakitipun sampun saras, bab sujudipun kala wau dipun terusaken inggih sae mboten inggih sakersa, jer untung rugi wonten pribadinipun piyambak.
Dados warga "Sapta Darma" mboten kenging meksa dateng sintena kemawon.
3. Dene yen warga piyambak ingkang sakit tumindaka kados ingkang kasebat ing angka 2.
Sujud kanti emating raos lajeng nyuwun gerakipun nur rasa anjampeni sesakitipun piyambak.
Ngengeti wewarah No.5
"Kudu wani urip kanti kapitayan saka kekuatane dewe".
Mila bilih warga piyambak ingkang sakit kedah ngusadani piyambak,
mboten kenging nyuwun pitulungan warga sanes.
4. Manawi wonten tiyang sakit sampun sanget sajak wonten raos bilih mboten saget saras, warga "Sapta Darma" kedah migunakaken kawaspadan saha kawaskitanipun.
Kaeningna sarana merem kados pundi sanepanipun tumrap tiyang sakit punika.
Bilih wonten gegambaran:
peksi kekablak utawi miber, wit garing, tiyang lenggah mungkur, utawi angganda mayit,
tiyang wau mila sampun ginaris dening Hyang Maha Kuwasa.
Bilih kasabda:"Waras", sakitipun inggih saras, nanging umur sampun dumugi ing janjinipun kapundut dening Hyang Maha Kuwasa mboten saged dipun selaki malih.
Dene bilih wonten sanepa:
wit waringin, sekar mawar megar, tentu sakitipun bade waluya.

5. Tiyang ingkang sakit lumpuh utawi badanipun pejah sepalih,
kauyega tali rasanipun nunten kapurih ngebah-ebahaken tangan saha sukunipun
lajeng kasabda "waras".

6. Bilih tiyang sakit ewah, urat saraf, utawi edan,
kauyeka ing utek perangan wingking (utek alit) mawi driji panunggul ingkang tengen,
ing panggenan Satria Utama (antawisipun alis kalih) kakeplaka alon-alon mawi epek-epek tengen kaping 3.
lajeng kasabda "waras"

VIII. ENING (Semedi)
Ingkang kawastanan ening utawi semedi, inggih punika: nentremaken pangrasa (pikiran) ingkang maneka warna; pengangen-angen, lan sapanunggilanipun. Dados ngosongaken pikiran:
raos namung tumuju dumateng Satriya Utama.
dados
sanadyan ta badan ebah, ananging manawi pikiran sampun kendel ateges sampun ening.
Kosok wangsulipun sanadyan katingalipun
badan anteng nanging manggalih maneka warni, dereng saged kawastanan ening.
Ening (semedi) ing "Sapta Darma" mboten kenging kangge dolanan, awit nyebat/ngluhuraken asma Allah. (Allah Hyang Maha Agung, Rokhim, Adil).
Ening namung kenging katindakaken kangge nggayuh ingkang luhur.
Inggih punika:
1. Nampi dawuh2 saking Hyang Maha Kuwasa arupi sanepa, sasmita, seratan2 (sastra jendra hayuningrat).
2. Mriksani arwah leluhur ingkang sampun tilar donya,
kados pundi kawontenanipun, punapa sampun katampi ing pangayunaning Hyang Maha Kuwasa (sampun wonten ing kaswargan).
Ing ngriku saged kadulu sarana ening.
Bilih taksih wonten ing pasiksan lajeng kedah sujud, nyuwunaken pangapunten, mertobat ing dosanipun (kesalahanipun arwah wau), supados kaentas saking pasiksan, saged katampi ing papan ingkang sae.
3. Mriksani papan wingit (angker): ingkang tansah angganggu damel dumateng manungsa.
Papan ingkang kados makaten kenging katawaraken.
Sarana Ening saged mriksani kados pundi wewujudanipun rokh penasaran/ syetan2 ingkang wonten ing ngriku, kasuwunaken pangapunten dumateng Hyang Maha Kuwasa supados katampi ing papanipun, sampun angganggu dumateng umat manungsa.
4. Kangge murwakani sadaya tumindak lan pangandika,
minangka panglatih kasabaran saha pangatos-atos, supados sadaya tindak utawi pangandika sarwa leres.
Ening saged katindakaken sarana melek utawi merem.
6. Kangge mirsani saderek ingkang tebih bilih pinuju wonten keperluan ingkang penting.

IX. Tukar hawa, Ulah rasa lan Racut.
A. Tukar hawa.

Tukar hawa punika ginanipun
kangge ngicali kesel
kadosta: mentas nyambut damel awrat, kekesahan tebih lan sapanunggilipun.
Caranipun:
Tileman mlumah mujur ngetan, asta kiwa lan tengen kaselehaken wonten ing kiwa tengenipun badan,epek-epek madep manginggil.
Pikiran mendel,
sasampunipun 10 a 15 menit dipun rampungi.
Lajeng siram.
Ing ngriku hawa geteran ingkang sampun kaginakaken medal nglangkungi pori2, embun2an, gantos hawa enggal malih.
Raos kados dene sampun ngaso jam-jaman dangunipun, seger bugar kekiyatanipun wangsul kados wau-waunipun.

No. 5. Tukar hawa lan ulah rasa,
B. Ulah Rasa
Ulah rasa punika
nyelidiki, (neliti) lampahing rasa lan getaran ingkang wonten saranduning badan.
Caranipun:
Sasampunipun sujud
lajeng mapan tileman kados dene caranipun tukar hawa ing A.
Sandangan ingkang kenceng dipun kendokkaken sampun ngantos angganggu lampahing raos.
Pikiran kagesangaken
kangge ngraosaken lampahing getaran wiwit saking dlamakan suku minggah ing saranduning badan, kateliti raos ingkang mlampah nglangkungi perang-peranganing badan ingkang sak alus-alusipun.
Ugi karaosno lampahing erah lan denyuting jantung,
mlebet medaling hawa nglangkungi pori2.

Bilih katindakkaken kanti sabar lan teliti saged kapriksanan salebeting ening kados pundi lampahing sari-sari, getaran-getaran ingkang sumrambah, saha denyuting jantung.

C. Racut.
Racut ateges misahaken raos lan pangraos.
Wekdal punika, saged kapigunakkaken pisowanipun Hyang Maha Suci dateng Hyang Maha Kuwasa.
Mila kita mumpung taksih gesang sageda nyatakkaken papan padunungan kita ing tembe bilih wangsul ing jaman kelanggengan inggih ingkang dipun wastani alam kaswargan lss.
Mila leres tetembungan: Manungsa kudu bisa mati sajroning urip supaya weruh ing rupa lan rasane.
Tegesipun : ingkang pejah pikiranipun, dene ingkang gesang raosipun.
Bilih pinuju racut kita nyumerepi rokh kita piyambak minggah dateng alam akherat (kaswargan) ngadep ing ngarsanipun Hyang Maha Kuwasa.
Dene rokh kita nyumerepi jasmani kita wonten ing ngandap.

Caranipun:
Kita sujud wajib, sasampunipun, kawewahan satunggal dingklukan malih kanti ngucap ing batos: "Hyang Maha Suci Sowan Hyang Maha Kuwasa"
Lajeng mapan tileman kados caranipun ing A lan B.
“Ananging asta katumpangaken ing CO” ,
sedakep epek-epek tengen kumurep katumpangaken epek2 kiwa.
Pikiran kasuwungaken,
satria utama kangge mirsani bidalipun Nur Petak (Hyang Maha Suci) medal saking embun2an.
Ing sarehning racut punika satunggiling pakarti ingkang remit sanget, mila ambetahaken kasabaran, katelitian lan katentreman.

Panggladi punika sae katindakkaken saben wekdal ingkang senggang wonten ing griya, awit mahanani saged nampeni kawaskitan warni2.
Racut kala wau boten nguwatosaken,
jalaran namung 1 Hyang Maha Suci ingkang Sowan Hyang Maha Kuwasa,
dene saderek 11 taksih nengga wonten angganipun (badanipun).
Mila inggih taksih ambegan, taksih mireng suwanten nanging boten dipun raosaken.

X TALI RASA
Saben manungsa gesang, sami gadah sentral2 (bundelan) saluran raos ingkang wonten ing badanipun piyambak2 ingkang kawastanan bundelan tali rasa.

Gambar No. 7 lan 8.
Cacahipun wonten 20 dipun tengeri abjad aksara Jawi.
Nami2 bundelan tali rasa 20 lan dunungipun kados kaceta ing ngandap punika.
1. HA - janggut.
2. NA - tenggok.
3. CA - dada malang.
4. RA - Kecer (ati).
5. KA - Puser.
6. DA - batukan ngandap.
7. TA - silit kodok.
8. SA - ula-ula penering puser.
9. WA - ngandap entong-entong.
10. LA - punuk.
11. PA - cangklakan.
12. DA - sikut.
13. JA - ugel-ugel.
14. YA - tengahing epek-epek.
15. NYA - susu kiwa tengen.
16. MA - banggelaning lakang.
17. GA - cangklakan dengkul.
18. BA - nginggil kencet.
19. TA - tengahing dlamakan suku.
20. NGA – Pucuking irung (tengahing alis)

Ginanipun mangertosi bundelan tali rasa :
Bilih warga “Sapta Darma” mitulungi tiyang sakit ingkang sampun pejah urat sjaraf-ipun kadosta: pejah sepalih (verlamming),
bundelan tali-tali rasa wau kaujega
lajeng (kaeningna) nunten kasabda “Waras”.

Pepenget:
Bilih ingkang sakit estri sageda tiyang estri ingkang nindakkaken mitulungi.
Kosok wangsulipun bilih kakung ugi sami-sami kakung.

Dene kepeksanipun mboten wonten, saged katindakkaken nanging
mboten kenging kaujeg,
kasabda kemawon “waras” lajeng kapurih gedruk-gedruk piyambak.

XI. PEPENGET.
Wekdal tumuruning ilham :
1. 27 Desember 1952.
Ilham sapisan: Sujud, tinampi dening Bapa Panuntun ing Kediri jam 01.00 (satunggal dalu)
2. 12 Juli 1954.
A. Simbul “Sapta Darma” jam 11.00 (sawelas enjing).
B. Wewarah pitu wajibing warga “Sapta Darma”.
3. 27 Desember 1954.
Nami Sri Gutama (Tgl. 12 Mulut dinten Saptu Wage), jam 24.00 (kalih welas dalu).

1 Sura Dinten Riyadi Agama “Sapta Darma”





Nama : . . . . . . . . . . . . . . . .
Alamat : . . . . . . . . . . . . . . . . .
. . . . . . . . . . . . . . . . . .
Tanggal dimiliki : . . . . . . . . . . . . . .


(tanda tangan)