Παρασκευή 28 Αυγούστου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 37 )


Flag Counter Waskita
Waskita punika kasagetan ingkang anglangkungi menggahing panca indria.
Waskita ing pandulu,  punika anyumerepi alaming lelembat ingkang mboten kasat ing mripat (soca).
Waskita ing pamireng punika saged amirengaken ginem utawi rerembagan ingkang mboten kapireng dening talingan awit saking tebihipun, utawi rerembaganing para lelembat.
Waskita ing panggondo. Punika saged anggondo arum utawi bacin ingkang mratelakkaken bilih ing ngriku wonten lelembat utawi sanepo menggahing tetiyang ingkang sampun utawi bade pejah/seda (gondo mayit)
Waskito ing roso (raos). Nalika imbal wacana (pangandikan) kaliyan tamu utawi  tiyang sanes. Yen ing dada sisih tengen kraos kados keduten utawi wonten gegeteran, punika anandakkaken bilih tiyang utawi tamu punika sedyanipun sae. Yen sisih kering (kiwa) kirang sae.
Waskito ing pangandika. Punika ingkang dipun latih para tuntunan. Saderenging paring wejangan  utawi paring ular-ular ing sangajengipun para warga, para tuntunan anglampahi ening. Raos katujokkaken dateng mbun-mbunan. Bilih sampun kraos getaran-getaran ing mbun-mbunan, nembe ngandika, katuntun dening raos ing mbun-mbunan punika. Yen bade ngandika ingkang kirang prayogi utawi ingkang mangkenipun mboten dados renaning panggalihipun para warga, raos tartamtu angelingaken sarana mekak jangga kados tiyang ingkang bade kaselak (tersedak). Pramila kedah kacandet ingkang bade kapangandikakaken punika. Yen to tetep katerusaken, mboten wande dados kirang prayogi ing tembenipun..
Kados pundi caranipun supados panjenengan anggadahi kawaskitan punika ?
Mboten wonten malih caranipun inggih sujud. Sabab kawaskitan punika timbulipun nalika getaran-getaran alus sari-sarining bumi ingkang asalipun saking silit kodok (brutu ayam) minggah manginggil lajeng tempuk kaliyan getaran-getaran sinar cahya Allah, mahanani warni-warni kawaskitan.
Gampilipun, yen panjenengan sregep sujud, tartamtu bade nampi kawaskitan punika.
Nuwun.