Τρίτη 31 Αυγούστου 2010

Lelampahan Bopo Sri Gutomo (kaca 29)




Reng-renganing lelampahan.
Wong urip ing ndonya iku kaya wong lelungan menyang pasar. Ora langgeng ing pasar bae. Yen wus rampung, kudu tumuli bali menyang omahe dewe.
Puniko perlambanging tiyang gesang.

Sesampunipun anampi nami Sri Gutomo, jejibahan saking Hyang Maha Kuwasa ugi sampun kadawuhaken. Sri Gutomo kedah anyebaraken budi luhur kanti sarana Sapta Darma. Arahipun mangilen.
Ing tahun 1956 sampun dumugi Ngayogjakarta. Akanti sabda usada "waras", kathah tiyang ingkang sami nderek sujud. Panggenan puniko katelah kampung NotoPrajan. Ing salebeting kito Yogjakarta.
Dangu-dangu, tansaya kathah tiyang ingkang anindakkaken sujud. Panggenan puniko (ing kampung NotoPrajan), sampun mboten nyekapi kangge sujudan sesarengan. Pramilo lajeng pados panggenan ingkang anyekapi kangge sujudan sesarengan puniko. Bopo Sri Gutomo amratelakaken supados sadaya warga sami sujud, anyuwun pitedahing Hyang Maha Kuwasa, pundi panggenan ingkang kakersakkaken kangge sujudan sesarengan puniko. Ing ngriku, angsal wangsiting Hyang Maha Kuwasa, inggih puniko panggenan ingkang sapuniko dados punjering Sapta Darma, ing kampung Surokarsan Mergangsan II / 472, Yogyakarta.

Putri kalih, pundi ingkang kapilih ?
Ing tahun 1956, pawarta bab Sapta Darma sampun kabiwara tebih. Mboten namung ing antawisipun tiyang sakit ingkang pados usada kemawon, nanging ugi sampun sumrambah ing kalanganing para sarjana ing Perguruan Tinggi. Puniko kabukten nalika wonten mahasiswi kalih ingkang karaya-raya murugi panggenanipun Pak Arjo ing Koplakan Pare.

Ni Luh Ketut Suryani.
Mahasiswi Fakultas Kedokteran Universitas Airlangga puniko, kadosdene umumipun tiyang saking pulo Bali, wiwit umur 14 tahun sampun sinau semedi. Karaya-raya manggihi Bopo Sri Gutomo ugi kepingin anyinaoni bab semedi miturut Sapta Darma. Tamtu kemawon ing ngriki mboten wonten cara sanes, kajawi dipun sujudaken. Pak Sri ngutus tuntunan kalih analiti lan paring pitedah dateng piyambakipun.
Prastawa puniko saged kawaos ing bukunipun "Meditasi Lilin" wiwit kaca 16, utawi panjenengan klik ing
http://books.google.com/books?id=ucN7h4kivI8C&printsec=frontcover&dq=meditasi+lilin&source=bl&ots=y9ajGzI3P9&sig=6zdg5614jxmdSnLLWmBE8ISfnyg&hl=en&ei=0Al9TI_2GYacvgO39OWcAg&sa=X&oi=book_result&ct=result&resnum=9&ved=0CEcQ6AEwCA#v=onepage&q&f=false
Sapuniko panjenenganipun (Prof.Dr. Ni Luh Ketut Suryani) sampun kasusra ing saindenging pulo Bali lan manca nagari.
http://www.suryani-institute.com/
Suryani Institute for Mental Health
Jl. Gandapura No.30
Denpasar 80237
Bali - Indonesia
Phone : +62361467553
Fax : +62361462878
Email : suryani@suryani-institute.com


Suwartini.
Mahasiswi Fakultas Hukum UGM puniko ugi karaya-raya andatengi griyanipun pak Arjo ing Pare, saperlu analiti bab kebatosan ing tanah Jawi, dipun wawas saking segi hukum. Bopo Sri Gutomo piyambak ingkang saged paring katrangan bab puniko. Pramilo mboten kawakilaken dateng tuntunan, sabab para tuntunan sami mboten ngertos ing bab puniko.
Ing salajengipun, mahasiswi Suwartini malah nderek sujud.
Miturut Bopo Sri Gutomo, puniko sampun dados reng-renganing lampah tumrap Sapto Darmo. Ing tembe wingking kapilih dados Juru Bicara Tuntunan Agung kanti nami Sri Pawenang.
Ibu Suwartini S.H puniko putrinipun Bapak Martodiharjo saking Sleman, watawis 15 km sisih Ler Jogjakarta.
Ing tahun 1970 kapilih dados anggota MPR saking utusan daerah fraksi Golkar. Ing MPR ugi angurusi bab Kepercayaan/ keyakinan umat beragama.

free counters