Τετάρτη 11 Νοεμβρίου 2015

Lelampahan Bopo Sri Gutomo ( kaca 40)

Flag Counter

Prabawaning sujud punapa panggenan ingkang maladi.

Bapak Suyadi, Pak Yadi utawi jangkepipun Bapak Mayor TNI Suyadi.
Panjenenganipun punika tuntunan wilayah Surabaya. Ing bab sujudipun tamtunipun langkung ing sasami. Tegesipun sae.  Ing wekdal samanten Pak Yadi nembe tugas negara ing luar Jawa (perang PRRI-Permesta). Dados boten mangertosi kedadosan prastawa ing Sapto Darmo ing salebeting angayahi tugasipun.
Bopo Sri Gutomo tansah mider-mider dateng panggenan ingkang kadawuhaken saking Hyang Maha Kuwaos. Ing saben panggenan punika Bopo Sri Gutomo ngandika kaliyan nuding dateng ingkang dipun lenggahi "Ing kene iki ono rojo brono emas barleyan kang akeh banget". Puniko minongko amungkasi saben wejangan ing pundi panggenan. Para warga Sapto Darmo sampun sami  mangertosi bilih punika namung sanepa bilih sujud punika panggenan rojo brono emas barleyan.
Nalika Bopo Sri Gutomo  paring wejangan ing Sanggar  Candi Busono Pare, kaleresan Pak Yadi nembe kemawon rampung tugasipun ing TNI, Dados saged angestreni lan nderek mirengaken wejanganipun Bopo Sri Gutomo. Salajengipun watawis seminggu, Bopo Sri Gutomo tindak mider-mider malih tugas ngruwat panggenan ing pundi-pundi.
Satunggaling dinten, Pak Yadi rawuh malih ing Sanggar Candi Busono akanti tukang batu kalih. Salajengipun, kabantu tukang batu kalih punika, Pak Yadi enggal-enggal nduduk (mbongkar) jogan (ingkang kala emben Bopo Sri Gutomo paring wejangan), ing pangangkah madosi rojo brono emas barleyan punika. Tamtu kemawon boten kapanggih. Malah nalika miwiti mbongkar punika kemawon kadadosan jawah deres lan gludug bledeg asamberan ugi kasarengan angin ageng. Pramila enggal-enggal dipun pungkasi anggenipun mbongkar jogan punika. Pak Yadi ajrih. Anginten bilih sanggar punika maladi (wonten waladipun).

Para pamirso,
Kadadosan punika ngantos sapunika taksih dados pitakenan. Punapa sababipun goro-goro jawah deres gludug-bledeg lan angin ageng punika.
Sapisan, Pak Yadi punika tuntunan wilayah Surabaya. Sujudipun sae. Dados yen kagungan kerso punapa kemawon prabawanipun ageng. Bok manawi saged amrebawani goro-goro kados ingkang sampun kasebataken..
Kaping kalihipun. Jogan ingkang dipun duduk / bongkar punika kaleres panggenan tampi wahyu nalika Bopo Sri Gutomo gerak sujud sapisanan malem Jum'at Wage 27 Desember 1952.  dados mbok manawi inggih wonten waladipun.

Nyumanggakaken.