Τρίτη 11 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 24)

Wawasan 24

Panuwun ingkang mahanani bebuden luhur.
Ing nguni, pepinginan namung sageto angsal asil (ekonomi) ingkang mingsro, supados mboten sanget-sanget kesrakatipun.
Ing samangke, sareng mangertosi bilih sujud puniko sesambetan lan Hyang Moho Kuwaos, ingkang kagalih saged paring punopo kemawon ingkang kasuwun, lajeng gadah panuwun ingkang langkung inggil utawi luhur. Sanadyan mboten kasuwun kanti pangucap, sadoyo ingkang kasimpen ing salebeting galih, sami kanugrahan. (Wargo Sapto Darmo kaawisan anggadahi panuwunan ing salebeting sujud).
Ing sanubarining Pak Arjo namung wonten pepinginan anyebaraken lampah sujud puniko kangge saindenging jagad.
Puniko ingkang kawulo sebataken panuwun ingkang mahanani bebuden luhur (budi luhur).
Samanten rumiyin.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 23)

Wawasan 23

Sesamining agesang.
Wahyu puniko, yen miturut ingkang kulo waos ing buku-buku utawi miturut cariyosipun poro wargo, asipat dawuh utawi pangertosan saking Hyang Moho Kuwaos. Namung, ingkang kajibah ambekto utawi angabaraken pawartos puniko, mboten nate kajarwakaken. Mboten siningit, nanging pancen mboten wonten ingkang pitaken ing bab puniko naliko Bopo Sri Gutomo taksih sugeng. Pramilo, prastowo ingkang kulo sebataken ing bab "Sesamining agesang" puniko saged kawastanan ugi satunggaling wahyu, ingkang paring pepajar dene sesamining agesang mboten wonten ingkang sinembah kajawi Hyang Moho Kuwaos (Hyang Maha Kuwoso / Kuwasa).

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 22)

Wawasan kaca 22

Lampah topo broto.
"Ngelmu iku saranane kanti laku".
Mbokbilih poro maos sampun pirso sadoyo ing bab puniko. Pramilo sanadyan Pak Arjo puniko tiyang lugu, mboten nate pados "ngelmu", mboten kekilapan bilih sadoyo ingkang sampun kalampahan puniko kedah kasaranan sarono lampah (laku).
Ing wingking sampun kaaturaken, naliko sesarengan lan mitranipun pados "tiyang sepuh", saben wonten wucalan enggal, Pak Arjo mboten saged angleksanani, nanging ing wekdal candakipun, tamtu saged. Poro mitranipun lajeng sami gadah pamanggih, yen to Pak Arjo puniko gadah "Guru", nanging sinten, lan ugi wonten pundi panggenanipun, puniko ingkang dados tuking rembag.
Punopo malih naliko anyariyosaken "Aku arep diwejang Guru" dateng Pak Kemi (enjing saderengipun dalu tampi wahyu sujud). Wosing rembag, lampah topo broto ingkang aeng sarono mandeng srengenge puniko tamtu saking dawuhing Gurunipun.
Poro maos, meh saben wargo sami anemtokaken, bilih "Guru"nipun Pak Arjo puniko Hyang Moho Kuwaos. Mboten maiben, awit dene Pak Arjo, ngantos sasurutipun mboten nate anyariyosaken bab puniko. Kawulo, ingkang namung anampi cariyos saking poro wargo, ugi anggadahi pamanggih ingkang sami.
Ing salajengipun, naliko tumut penggalian, wonten ungel-ungelan "tampi wasiat saking Hyang Widhi". (Mugi panjenengan sadaya mangertosi punopo ingkang kasebat puniko). Kolo samanten, kawulo namung anglampahaken punopo ingkang kapatah dening tuntunan penggalian (Pak Mukmin), tanpo taken malih. Sapuniko, kulo radi keduwung, kenging punopo rumiyin mboten tetaken ing bab puniko (Hyang Widhi). Kulo anginten bilih Hyang Widhi ugi Hyang Moho Kuwaos. Kados pundi yen miturut pamanggih panjenengan sadoyo ? Utaminipun poro wargo lan tuntunan KSD.

free counters

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 21)

Hyang Moho Kuwaos angabulaken sadaya panuwunan.

Panuwun ingkang mahanani bebuden luhur.
Ing salebeting wekdal puniko, Pak Arjo lan poro mitranipun tansah sami anglajengaken lampah sujud dateng Hyang Moho Kuwaos. Mboten mangertos punopo ingkang kedah kalampahan, kajawi namung sujud ing saben dintenipun. Sareng sampun sami mangertosi bilih puniko sadoyo saking karsaning Hyang Moho Kuwaos, soyo lan anggenipun kumedah-kedah anglampahaken sujud puniko.
Amangsuli ancas lan pepinginanipun naliko samanten, naliko sami pados "tiyang sepuh" duk ing nguni, sadoyo anggadahi pepinginan sami, inggih puniko supados angsal asil ingkang radi mingsro.
Sapuniko, amargi percados yen ingkang dipun ajengi puniko Hyang Moho Kuwaos, lajeng sami gadah panuwun piyambak-piyambak, benten lan ing nguni. Pak Somo Giman, ingkang pedamelanipun sadinten-dinten ngernet, gadah panuwun supados ing benjingipun gadah anak kathah lan ugi truk ingkang kathah. Pak Joyo Jaimun, saben dinten ngajengi dagangan sepatu, sandal saking wacucal, gadah pepinginan supados daganganipun laris. Pak Arjo Sopuro, pengin anyebaraken lampah sujud puniko kangge saindenging jagad. Dene Pak Kemi anggadahi panuwun supados anak putunipun anggadahi bebuden luhur lan mboten kantun ing sapepadaning titah.
Pranyoto, punopo ingkang kagalih puniko numusi ing sadayanipun. Pak Somo Giman, ingkang namung kernet kemawon , kalampahan kagungan putro/putri kalih welas lan truk ngantos langkung saking sadoso. Pak Joyo Jaimun, daganganipun pajeng laris ngantos sasurutipun Pak Joyo Jaimun. Pak Arjo Sopuro ingkang ing tembenipun dados panutaning wargo Sapto Darmo, ugi kalampahan anyebaraken lampah sujud ngantos dumugi ing manca negari. Pak Kemi, tani utun, ingkang namung anggadahi sapro gangsal hektar sabin, pranyoto putranipun sadaya dados prawira menengah, dene putrinipun ugi kagarwa prawira menengah.
Puniko sadoyo ingkang sampun kagayuh poro mitro lan ugi Pak Arjo. Ing sanes wekdal, Pak Kemi nate anyambungi: " Saupomo Arjo kuwi sekolahe rodo duwur, mendah Sapto Darmo mesti luwih-luwih kuncarane"

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 20)

Sesembahan namung Hyang Maha Kuwasa.

Sesamining agesang
Wancinipun taksih enjing, mboten kacatet dinten makaten ugi tanggal, wulan lan tahunipun. Enjing puniko Pak Kemi kedatengan tiyang saking Koplakan, gupuh manggihi Pak Kemi, anyariyosaken bilih dipun kengken Pak Arjo murugi Pak Kemi, kumedah kedah enggal andatengi griyanipun Pak Arjo Sopuro. Sareng dumugi ing ngriko, sanget gawoking manahipun anyumerepi kadadosan ingkang sanget lan aengipun. Kanti sineksenan tetiyang kathah, ing lebet griyanipun Pak Arjo katingal prastowo ingkang nganeh anehi. Pak Joyo Jaimun njungkel bleg ing jogan ngajengipun Pak Arjo ingkang angadeg njegeger, lajeng nguwuh sora:"Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Puniko katindakaken tanpa saged kapenggak. Ing salajengipun gantos Pak Arjo njungkel bleg ing jogan,dene Pak Joyo Jaimun gantos ngadeg ngejejer. Pak Arjo nguwuh sora :"Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Makaten gantos ginantos anyembah sujud. Prastowo puniko kaambal- ambalan wongsal-wangsul tanpo saged kapenggak. Sareng meh satunggal jam, ing selo-selaning panguwuh, Pak Arjo nguwuh sora:"Celukno Pak Kemiiii", "Celukno Pak Kemiiii" makaten, ngantos dumugining Pak Kemi ing ngriku. Sareng sampun dateng, lan sumerep prastowo puniko, anehipun sanaliko lajeng sirep. Sasampuning aso sawatawis, Pak Arjo anyariyosaken, bilih Pak Kemi kapatah dening Hyang Moho Kuwaos kumedah anyekseni prastowo puniko. Ing wasono, Pak Arjo anyariyosaken, bilih sesamining gesang puniko mboten wonten ingkang sinembah kajawi Hyang Moho Kuwaos. Pramilo naliko Pak Joyo Jaimun anyembah dateng Pak Arjo, ingkang inguwuh mboten "Aku nyujudi Arjo Sopuro" utawi dene naliko Pak Arjo anyembah dateng Pak Joyo Jaimun mboten anguwuh: "Aku nyujudi Joyo Jaimun" nanging anguwuh "Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Prastowo puniko anedahaken bilih sesamining agesang puniko mboten wonten ingkang kedah sinembah. Sesembahan namung konjuk dateng Hyang Moho Kuwaos.
Ing prastowo puniko Pak Kemi, ing batos namung manggalih :"Aku kecipratan wahyuning Arjo"

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 19)

Topo broto ingkang aeng.

Tukang Cukur & srengenge.
Sasampunipun wonten kedadosan lelampahan ingkang kasebat ing nginggil (tumuruning wahyu sujud), Pak Arjo tetep nglampahaken samukawis panggaotan sadinten dintenipun.
Naliko wonten ingkang bade cukur rikmo, ugi dipun ladosi. Namung, saben nyukur, astanipun mboten saget ngayahi tugas.
Cukuranipun morat marit. Cukuranipun petal sadaya. Ing salajengipun langganan cukur sami nebih, mboten purun cukur ing ngriku.
Pak Arjo nganggur. Ndilalah, kok wonten kemawon rejeki ingkang andatengi. Kulawarga Pak Arjo mboten nate kekirangan tetedhan.
Puniko kelampahan ngantos sasurutipun Pak Arjo lan Bu Arjo Sopuro.
Wiwit rikala puniko, Pak Arjo anglampahi topo broto ingkang aeng, tegesipun mboten umum ing antawisipun tiyang ingkan marsudi kebatosan.
Saben jam 09.00 enjing, pinarak utawi jumeneng ing ngajeng dalemipun lan mandeng srengenge.
Poro tetiyang sami mboten ngertos, punopo ingkang dipun kersakaken kanti topo makaten puniko.
Topo broto katindakaken saben dinten wiwit jam 09.00 ngantos jam 15.00 siang.
Ingkang sumerep sami anginten bilih Pak Arjo sampun ewah (edan).
Nanging kok mboten wonten punopo punopo. Tegesipun lampahipun sadinten dintenipun kados ing saderengipun.
Ingkang dados gawoking tetiyang, mandeng srengenge saben dinten kok mboten blawur.
Mirsani punopo punopo inggih mboten benten lan saderengipun topo broto puniko.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 18)

Amiwiti Pangudi Budi Luhur.

Lampah topo broto.
Pak Arjo puniko tiyang lugu. Mboten nate anindakkaken lampah kados dene tetiyang ingkang maguru ngelmi.
Siam (poso) Senin Kamis, metak (mutih), mbisu, punopo malih ngrendem ing lepen, mboten nate nglampahi.
Watakipun keras, mboten percados dateng bab-bab ingkang asipat gaib. lan ugi babar blas mboten kerso nguri-uri sarean (kuburan), wit waringin punden, ugi sawarnining tumbak, keris, lan sapanunggilipun.
Naliko saben dalu pindah-pindah nyipeng dateng dalemipun mitranipun, sumerep kawontenan ingkang saderengipun mboten kawiyak.
Kadosdene ing dalemipun Pak Kemi, katingal tumbal-tumbal ingkang pancen dipun tanem Pak Kemi.
Tumbal-tumbal puniko ing antawisipun rupi balung babi lan ugi seratan Arab ingkang kabungkus mori petak.
Tumbal puniko sarono kangge nolak santet lan kangge kawilujenganipun keluarga Pak Kemi.
Ing salajengipun, saking palilahipun Pak Kemi, sadaya puniko lajeng dipun pundut lan kabucal dateng lepen.
Wonten tumbal ingkang kasebat cok bakal, puniko rupi sesajen ingkang dipun panggenaken ing pojok-pojok sabin, ugi dipun bucal.
Ingkang aneh malih, yen utusan mundut dedaharan dateng wande, bibar dahar lajeng muntah-muntah.
Sareng dipun takeni, nyariyosaken yen wande ingkang sadeyan dedaharan puniko sami anindakaken nyekar dateng punden, pados penglarisan. Kamongko, ing saderengipun wande puniko sampun dados langgananipun, lan menawi dahar inggih mboten punopo punopo.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 17)

Wawasan kaca 17

Prastowo datengipun wahyu sujud.
Kasebat ing nginggil, bilih wahyu puniko datengipun mboten kanyono-nyono. Nanging puniko mboten ateges tanpa tondo-tondo ingkang amurwani.
Sasampunipun ening sawatawis lan ugi ngenget-enget prastowo puniko, pranyoto wonten tondo-tondo datengipun wahyu sujud puniko, namung kalepyan ing panaliti.
Yen mengeti bilih dinten Kamis Pon 26 Desember 1952 enjing puniko Pak Arjo pamit bade wangsul amargi wonten parentah saking "Guru"nipun yen bade tampi wejangan, saged kawastanan bilih wekdal puniko ingkang murwakani datengipun wahyu.
Prastowo puniko taksih sambung sinambung, pucaking prastowo kalampahan jam 01.00 dalu puniko, Pak Arjo Sopuro kasujudaken ngantos jam 3.30 enjing. Puniko dereng paripurno, sabab mitranipun, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman ugi ngaraosaken geter pater puniko ngantos jam 09.00 enjing tanggal 27 Desember 1952
- - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - -

Pangripto nyuwun gunging pangaksami dateng poro maos, utaminipun poro wargo Kerohanian Sapto Darmo, awit tanpa palilah panjenengan sadaya, sampun nyerat prastawa datenging wahyu, ingkang underanipun mbokbilih wonten bentenipun kaliyan punopo ingkang sampun sami kauningan dening poro Wargo sadoyo.
Benten lan ingkang kauningan, wonten ingkang mastani, bilih ingkang kawitan dipun jujug Pak Arjo puniko griyanipun Pak Joyo Jaimun, awit dene griyanipun ingkang paling celak dateng griyanipun Pak Arjo.
Wonten ugi ingkang nyerat Pak Soma Giman ingkang kawitan, kanti catetan Pak Soma Giman anggadahi kathah ngelmu.
Kulo namung sadermi nyerat, bilih Pak Kemi (Sukemi Handini) ngantos sedanipun ing tahun 1993, taksih lestantun nglampahi sujud kangge sarono manembah Hyang Moho Kuwaos. Ugi panjenenganipun mboten nate anjlentrehaken, sinten ingkang kawitan dipun datengi Pak Arjo naliko tampi wahyu sujud puniko.

- - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - -

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 16)

Catetan
Poro mitranipun Pak Arjo ingkang sampun anindakkaken sujud, wonten ingkang lestantun nglampahi sujud ngantos sasurutipun. Ananging kathah ugi ingkang namung kapingin mangertosi ajaran puniko, nanging salajengipun mboten anindakkaken sujud malih. Sadoyo puniko nyumanggakaken dateng pribadinipun piyambak. Ing antawisipun poro pawestri, Ibu Sukemi puniko minongko paraga putri ingkang kawitan anindakaken sujud, lan lestantun ngantos puputing yuswo ing tahun 2000. Ibu Arjo Sopuro malah ing tembe wingking anindakaken sujud.


free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 15)

Paseksen sanesipun

Para paseksen saking peguron kebatosan.
Ing watawis wekdal puniko, para panggilut kebatosan kathah ingkang sami angsal wisik utawi tondo-tondo ingkang anyebataken bade wonten pulung agung anuju panggenan ing ngriku (Pare).
Awit saking puniko, ingkang kathah lajeng sami tarak broto, ngengirangi neda lan tilem utawi nenepi maneges ing panggenan tartamtu. Wonten sadengah ingkang anyumurupi kanti mripat batos, wontenipun cahyo ageng andatengi lan dhawah ing kampung Koplakan, puniko kairing suwanten jumleger kados dene mledosing bom, namung kapireng ing sanubari. Leres punopo mboten, nyumanggakaken.


free counters

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 14)

"Dukun tiban ing Koplakan ???"

Poro mitro lan ugi ombyaking wargo Pare.
Sajeg wonten kadadosan puniko, poro mitro lan kadang karuhipun Pak Arjo sadaya sami sesarengan kapengin ngayektosaken kadadosan ingkang sampun kelampahan, sarana anindakaken sujud kados Pak Arjo.
Pranyata, mobahing badan mboten namung naliko sujud kemawon. Naliko Pak Joyo Jaimun wicanten :"Aku pengin weruh gerakke Sukmo Nogo", sanaliko ugi sariranipun kabanting dateng jogan, lajeng mulet-mulet kados patraping sawer.
Makaten ugi naliko pengin mangertosi lampahing Mayonggo Seto, sanaliko mere lan mbekos-mbekos kados patraping rewanda, malumpat ngriko ngriki.
Latihan puniko kaleksanan ing saben dalu, gantos gumantos panggenanipun, kadang ing griyanipun Pak Soma Giman, kadang Pak Kemi lan sapanunggilipun. Sok kapireng gerenging simo, sok suwanten gedebugan kados tiyang pencak lan lintu-lintunipun.
Griyanipun Pak Arjo puniko katutup gedeg sesek ingkang pating clomprong.
Poro tetanggi sok sami nginjen ing lengkehan sela-selaning gedeg. Salah satunggal, naliko nembe kesengsem ningali, dumadakan mripatipun kaentup kala jengking. Njerit njondil-njondil kesakitan. Pak Arjo nyelak. Sasampunipun kausap kanti dlamakan asto, ical sakitipun , temah waluyo jati. Dangu dangu kathah tetiyang sakit warni warni sami ndatengi panggenan puniko. Sadaya kausadan lan sami saras. Awit puniko, wiwit sumebar pawartos, bilih ing kampung Koplakan Pare wonten dukun tiban.

free counters

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 13)

Panggenan tumuruning wahyu.

Kampung Koplakan.
Ing tahun 1952 (dumawahing wahyu sujud), Kampung Koplakan mujudaken kampung ingkang worsuh, panggenanipun para candala ingkang rupeg ing budi. Yen ing Pare wonten copet utawi maling kapergok, plajengipun tamtu dateng Koplakan. Menawi sampun dumugi ing ngriko, ndelik , lan tamtu mboten saged kapanggih, awit dene dipun delikaken tetiyang ing ngriku.
Ing Kampung Koplakan puniko ugi panggenanipun tiyang damel dolanan Ni Diwud (kados Jaelangkung). Penduduk ing ngriku remen nginum inuman keras, mabuk-mabukan, main kertu lan sanesipun ingkang kawastanan mo limo. Awit saking puniko, tetiyang ing kecamatan Pare, sami anebihi kampung Koplakan, kuwatos yen katut aniru solah bawaning tetiyang ing Koplakan puniko.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 12)

Prastawa dumawahing wahyu.

Para saksi kawitan.
Enjang puniko, kairing getering sariro awit saking ajrihipun, Pak Arjo enggal-enggal dateng griyanipun Pak Kemi, ancasipun bade pitaken punopo darunanipun prastowo puniko. Ing batos mbokbilih Pak Kemi saged anjlentrehaken ing bab prastawa puniko, sabab Pak Kemi anggadahi pangertosan ingkang bawera, amargi sampun maguru dateng sekawan doso panggenan,
Dumugi ing ngrika, kepanggih piyambak lan Pak Kemi. Dereng ngantos rampung anggenipun nyariosaken kadadosan kala wau dalu, ujug-ujug sariranipun Pak Kemi kasujudaken majeng mangetan. Makaten ugi patrap lan ucapanipun kados ingkang sampun kalampahan ing Pak Arjo dalu puniko. Anyaranani piyambak gerak ingkang kaprabawan getaran ingkang mboten baen-baen puniko, Pak Kemi mboten saged atur rembag punopo-punopo. Kaget lir sinamber gelap lepat. Raos ajrih anglimputi saranduning badan. Sasampunipun aso sawetawis, nembe saged sami rembagan.
Salajengipun sami sarembag bade dateng griyanipun Pak Joyo Jaimun. Ing ngriko,ing griyanipun Pak Joyo Jaimun, prastawa sujud puniko ugi kalampahan malih. Pak Joyo Jaimun kasujudaken kados dene Pak Arjo lan Pak Kemi.
Sarampunging prastawa puniko, tiyang tetigo sami sarembag murugi griyanipun Pak Soma Giman. Ing ngrika, kadadosan puniko ugi kaambalan malih. Andadosaken gawoking manah. Pepuntoning rembag, bade nglampahi patrap sujud puniko ing dalemipun piyambak-piyambak.
Ing wekdal puniko, Pak Arjo kraos ajrih, kuwatos yen wonten prastawa malih ingkang andatengi. Pramilo saben dalu Pak Arjo gantos gumantos ngempal tilem. Terkadang ing griyanipun Pak Soma Giman, Pak Joyo Jaimun, Pak Kemi utawi ing griyanipun Pak Arjo piyambak ing kampung Koplakan.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 11)

Prastawa dumawahing wahyu sujud.
Tanggal 26 Desember 1952.
Taksih enjang, Pak Arjo sampun pepanggihan lan Pak Kemi ing dusun Gedangsewu Pare. Ing antawisipun jam 09.00 enjing puniko, Pak Arjo pamit dateng Pak Kemi: "Kang, aku arep bali saiki, arep diwejang Guru" Mireng pangandikan puniko, Pak Kemi gumun, ing batos pitaken:" Sopo Gurune si Arjo iki ?"
- - - - - - -
Nyuwun gunging pangaksami dumateng poro maos, kulo bade nyerat prastawa naliko dumawahing wahyu, namung sadermi mangsuli cariyos ingkang sampun kawedar, tamtu kemawon kathah lepatipun, awit dene mboten tumut nderek amanoni prastawa kasebat. Umur kulo nembe 9 tahun, lan prastawa puniko kalampahan ing panggenan ingkang tebihipun 50 km saking griyanipun tiyang sepuh kulo. Para saksi ingkang manoni prastawa kasebat, yen taksih sugeng, mugi kerso angleresaken seratan puniko.
- - - - - - -
Dalu puniko, (26 Desember 1952) Pak Arjo lenggah senden ing cagak griyanipun ingkang sisih wetan, majeng mangilen.
Mboten kanyono lan kadugi, antawisipun jam satunggal dalu, ujug-ujug asto kekalih kapekso sedakep, asta sisih tengen anutup asto kering. makaten ugi suku tengen kapekso silo anutupi suku kering.
Ing salajengipun, badan kaputer madep mangetan. Mobah mosik puniko kalampahaken dening geter pater ingkang mboten kuwawi sinelakan. Ing salajengipun tutuk mbengok angucapaken :"Alah Hyang Moho Agung, Alah Hyang Moho Rohim, Alah Hyang Moho Adil, Alah Hyang Moho Wisesa, Alah Hyang Moho Langgeng". Kanti suwanten ingkang sora lan kaucapaken tanpa saged kapenggak. Ing salajengipun sariro kadingklukaken ngantos palarapan lan grono tumempel ing siti(sujud). Sujud puniko kalampahan ambal kaping tigo. Sepindah, naliko palarapan lan grono tumempel ing siti, tutuk angucapaken :"Hyang Moho Suci sujud Hyang Moho Kuwoso" Ucapan puniko sora lan ugi mboten kuwawi kapenggak. Puniko kaucapaken ambal kaping tigo. Ing salajengipun, naliko sujud kaping kalihipun angucap:"Kesalahane Hyang Moho Suci , nyuwun ngapuro Hyang Moho Kuwoso. Ugi kaambalan kaping tigo. Sujud kaping tigo angucapaken :"Hyang Moho Suci mertobat Hyang Moho Kuwoso". Ugi kaucapaken ambal kaping tigo. Sasampunipun puniko kalampahan, mendo sawatawis, nanging mboten ateges sampun paripurno, sabab pranyoto gerak sujud puniko dipun ambali malih saking kawitan. Mobahing sujud ingkang mboten kuwawi kajugaraken puniko pranyoto kalampahan ngantos jam setengah sekawan enjing naliko kapireng ungeling sawung kluruk. Pak Arjo kumedah anglampahi ngantos menggeh-menggeh, riwe dulaweran, sanget sayah lan ajrihipun.
- - - - - -

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 10)

Wawasan kaca 10

Pamitran lan keluarga Pak Kemi.
Miturut pawartos, ing antawis Pak Arjo lan Pak Kemi kados wonten iketan batos ingkang raket. Saben paraga kados-kados mangertosi punopo ingkang sampun lan ingkang bade kalampahan. Awit saking puniko mboten anggumunaken yen to memitran lan kekalihipun sampun kados saderek piyambak.
Pak Kemi (Sukemi Handini) puniko minongko saksi kawitan dawahing wahyu sujud lan ugi anyekseni sedanipun Pak Arjo ing tahun 1964. Miturut ingkang dipun enget piyambak, lairipun tahun 1901 naliko wekdal gunung Kelud mbledos., lan sedanipun tahun 1993 ing dalemipun dusun Gedang Sewu Pare. Kasebat Gedang Sewu awit naliko samanten pancen kathah taneman pisang ing dusun puniko. Pak Diman, paraga ingkang nggambar simbol Sapto Darmo ugi keponaanipun Pak Kemi. (Antawis tahun 2000 , Pak Diman taksih sugeng). Ngantos dumugining surut (seda) Pak Kemi lestantun nglampahi sujud, lan dados paran pitakenan tetiyang, ugi paring sarana jampi tiyang sakit, utaminipun ing Kecamatan Kepung, antawis kalih welas kilometer saking sukuning ardi Kelud. Mboten pikun, lan enget sadaya prastawa ingkang dipun alami, makaten ugi prastawa dawahing wahyu sujud. Panjenenganipun tansah paring weling yen to mboten pareng rerembagan bab punopo kemawon ingkang kauningan naliko salebeting sujud, sabab ingkang makaten puniko anjalari cekaking yuswo.
Pak Arjo naliko samanten ngendikan dateng Pak Kemi lan poro mitranipun : "Pak Kemi, iki, ( sanepan kang katompo dening kang sujud) ora keno kanggo omong-omongan, (sabab) nyekakake umur"
Poro Maos, puniko wawasan kulo ing bab kasebat.
- - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - -
free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 9)

Pados "tiyang sepuh"
Tiyang Jawi anggadahi kasusilan anjunjung tiyang langkung sepuh ing bab panggaotan lan pangupados boga. Tetiyang puniko kaanggep "sepuh" utawi sesepuh.Ing bab puniko, tiyang "sepuh" ingkang anggadahi donga ampuh utawi ngelmu inggil ing babagan kebatosan. Saged ugi tiyang ingkang saged anedahaken dununging agesang utawi saged paring ngelmu. Naliko samanten wonten kalih aliran kebatosan ingkang dados tujuanipun.
Sapindah aliran kebatosan Murti Tomo Waskito Tunggal ingkang katah panderekipun. Awit saking klentu lampahipun, inggih puniko mbiwaraken bilih Pak Citro (pimpinanipun) bade sedo tanggal samanten, dinten makaten, nanging pranyoto mboten tamtu sedo. Puniko anjalari peguron puniko kecalan panderekipun. Dene aliran sanesipun (Suwono) lestantun taksih wonten sauger punopo ingkang kaajaraken taksih saged katampi dening masyarakat.
Suwono saking ungelan "suwung" lan "ono". Suwung ateges mboten wonten utawi kopong, dene ono ateges wonten. Katranganipun, ing panggenan ingkang suwung puniko, wonten (ono) ingkang dedunung utawi manggen ing ngriku. Kuciwanipun, Pak Sastro mboten saget anjlentrehaken utawi nerangaken, punopo ingkang dedunung ing panggenan suwung puniko. Sadaya ingkang kauningan dening poro pangudi ngelmu namung dipun sauri "Yo kuwi" makaten kemawon. Tanpa wacana utawi ular-ular ingkang mingsro.
Ing salajengipun, saben wekdalipun anandukaken piwucal (praktek), ing sakawit , tartamtu Pak Arjo mboten saget mraktekaken, nanging ing sanes wekdal saget nlgampahi. Mitranipun anginten tamtu wonten ingkang mucal ing bab puniko. Nanging sinten, sabab mboten nate wonten tamu utawi tepangan sanesipun ing griyanipun Pak Arjo. Latihan ningali cahyo ing salebeting sanubari kalampahaken kanti paningal katutup, ing panggenan ingkang kapetengaken. Puniko dipun leksanani ing kahanan samadi hening.
Nami saderek kalih welas ingkang ngrekso pribadining manungso puniko ugi saking aliran kebatosan Suwono. Ananging kawontenanipun, inggih puniko dunungipun, asalipun lan ginanipun mboten dipun terangaken. Saben wonten pitakenan, namung dipun sauri "Yo kuwi". Tamtu kemawon, ingkang makaten puniko mboten maremaken ingkang taken. Sanajan makaten, tetiyang lajeng mangertos bilih badan wadag puniko dados dedunungipun saderek kalih welas, kanti nami ing nginggil puniko.

Ramalan
Yen to Pak Sastro anuding Pak Arjo bade dados guru rohani puniko benten lan ramalan, nanging sauger wacana, awit naliti sifat lan kapribaden Pak Arjo, ingkang patut yen to benjing dados guru rohani.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 8)

Pamitran ingkang raket.
Sarampunging perang kemedekaan (tahun 1949) pangupo jiwo rakyat tansaya rekaos. Ing pundi-pundi panggenan kathah tiyang keluwen. Minongko upados ngajengi kahanan puniko, memitran sampun dados kalimrahan. Sesarengan paring rejeki lan tulung tinulung puniko kalampahan ing sadinten dintenipun. Saking puniko, memitran raket antawis Pak Arjo lan kadang karuhipun sampun dados kalimrahan. Poro kadang karuhipun saking sauger kalangan: poro ulah dagang, sopir, kernet, guru lan sapepadanipun. Nanging sadaya saking kalangan tetiyang ingkang sami mlarat. Ingkang manjilo, memitran puniko sanget guyubipun, kados kados sami kaiket dening pakaryan ingkang sadaya mboten anguningani.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 7)

Kampung Koplakan
Kampung Koplakan puniko manggen ing tengah kito kecamatan Pare, aben ajeng lan Peken Lami. Naliko samanten, kampung ingkang rupek puniko dipun panggeni tetiyang kalawan pangupo jiwa sakecandakipun. Sapuniko, sasampunipun langkung saking seket tahun, taksih katingal rupek, dereng katata rapi.
Ing kampung puniko, kautamaning Pak Arjo Sopuro katingal mrojol selaning garu. Ing antawisipun sipat ati ingkang keras, tegesipun mboten miyar miyur, jujur lan tamtu netepi janji. Paraga ingkang kosok balen lan jamakipun tetiyang ing ngriku.
Ing wuri, (tahun 1952) kekesahan dateng pundi-pundi namung sarana dokar. Sanadyan sampun wonten mobil kangge ngangkut tetiyang, nanging taksih awis awis wontenipun. Poro sudagar mas barleyan saking Kediri, sasampunipun keliling nawekaken daganganipun ing daerah Pare, yen bade wangsul dateng Kediri, mboten ambekto kekarening daganganipun, awit kuwatos yen kedalon ing margi. Poro sudagar puniko anitipaken daganganipun dateng Pak Arjo, parogo ingkang kasusro saged kapercados.
Bedak ingkang kangge cukur rikmo puniko, ngantos sapriki taksih kados wingi uni, meh mboten wonten prabedanipun. Dipun panggeni putrinipun (Mbak Wik) sadeyan sekar sawur kangge nyawur sareyan. Katah warga ingkang sami nyipati yen puniko sanepo supados poro wargo Sapto Darmo tansah anawur ganda arum sarono budi pekerti ingkang luhur.
Pak Purboyo, putro ragil, lahir sasampunipun Pak Arjo nampi wahyu sujud. Pramilo, puniko ingkang dipun gegadang anglajengaken anyebar budi luhur anulad panjenenganipun (Pak Arjo). Ing samangke Pak Purboyo manggen ing Jakarta, namung kolomongso kondur dateng Pare.


free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 6)

Bebuko
Katah tetiyang anyebataken nami ingkang kalintu.Ingkang leres Arjo Sopuro, sanes Arjo Sepuro utawi Arjo Seputro. Sekolah namung ngatos klas 3 Sekolah Dasar. Saged maos lan nyerat nanging sakedik. Mitranipun, Pak Kemi, malah babar pisan mboten nate sekolah. Wonten ingkang nyerat tahun kelairannipun 1916. Nanging mboten wonten catetan utawi bukti kekancingan ingkang saged kawaos ing bab puniko.
- - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - - -
Puniko carios ingkang kapendet saking kulowargo caket pak Arjo Sopuro.
Tiyang sepuh (bapakipun) pak Arjo puniko asalipun saking Aceh. Naliko taksih jejaka kesah dateng Solo (Surakarta) awit wonten saderekipun ingkng manggen ing Solo. Satunggaling dinten pengin dateng kito Kediri.
Ing Kediri (Pare) kepanggih jodonipun, nikah, lan lahir jabang bayi jaler, dipun namekaken Rohiman.
Ing salajengipun wangsul malih dateng Solo bade pados pedamelan. Angsal pedamelan ing Kereta Api (PJKA). Ing satunggaling dinten tampi kabar yen anakipun (Rohiman) sakit. Ing tengah lampah dateng Kediri, mampir ing kito Nganjuk pados jampi. Kepanggih tiyang sepuh ingkang nyebataken yen anakkipun sampun pejah. Tamtu kemawon warta puniko andadosaken kaget lan sanget nyisahaken penggalihipun. Nanging tiyang sepuh puniko angengken pados tolo (omah tawon) dipun kengken mblonyohi, lan ameling, yen mangke saras, supados gantos nami Arjo Sopuro ingkang tegesipun tetep gesang (Arjo) awit saking pangapuro (Sopuro) saking Hyang Moho Kuwaos.
(Yen cariyos puniko nyoto, dados prastawa "racut" ingkang bade kalampahan ing wulan Pebruari 1954 puniko saget kanamekaken pengalaman "pejah" ingkang kaping kalih).
Pak Arjo namung gadah saderek satunggal, pawestri, ingkang katelah Bu Sani, awit dados sisihanipun Pak Sani (almarhum).
- - - - - - - - -

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 5)

Wawasan kaca 5

Lelampahan Bopo Sri Gutomo puniko arupi catetan ingkang anyerat riwayatipun Pak Arjo Sopuro, kaserat adedasar cariyos saking mitra raketipun. Benten lan riwayat Arjo Sopuro, awit dene ingkang sesambetan lan Sapto Darmo puniko Sri Gutomo, sanadyan kekalihipun nami paraga ingkang sami.
Amurwakani nyerat puniko, ambetahaken swasana ayem tentrem, ing pangangkah suraosing serat saget amranani pamirso. Namung saweg ugi kaleresan, mirengaken gending puniko, dados sanes ingkang kumedah kaungelaken.
Dalem nyerat. Underaning kawis, kulo angabdi para maos, supados panjenengan pirso bilih pangripto sadermi "pidak pedarakan" ingkang mboten gadah kalenggahan ingkang mingsro.

Hyang Moho Suci angedaton ing sanubarining sok tetiyang, paring pepajar ing ngagesang. Ringgit wacucal puniko mengku gegambaraning wadag. Saben ringgit anedahaken pribadi sauger tiyang. Hyang Moho Suci ingkang nglampahaken mobah mosiking tiyang, sanajan ing salugunipun ki dalang ingkang makarya. Sok tiyango yen kaoncatan Hyang Moho Suci tamtu nglumpruk kados Gatotkaca kecalan gapit.

Hyang Widhi ingkang kapatah ndarbeni ringgit sadayanipun. Puniko anedahaken sanadyan Hyang Moho Suci ingkang nglampahaken mobah mosiking tetiyang, mboten ateges ingkang kagungan. Puniko kagunganipun Hyang Widhi.

Hyang Moho Kuwaos amriksani, ugi ingkang kagungan dalem (kangge ringgitan) lan sadayanipun. Hyang Moho Kuwaos mboten angawisi utawi anjurungi sadaya pakartining tetiyang. Puniko sampun dados jejibahanipun Hyang Moho Suci.

Poro maos ingkang linuhung. Puniko gegambaran ingkang kulo mangertosi, tamtu panjenengan kagungan gegambaran ingkang langkung wiyar. Monggo kulo aturi nyerat ing komentar, ing pangangkah saged nambah wawasan kulo dalah poro maos sanesipun.


free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 4)

Pratanda bade tumuruning wahyu.
Amangsuli ing ngajeng. Ing wanci dalu naliko pak Ardjo sare ing bedakipun supeno dipun rawuhi Raja sarwi maringaken ageman busono keprabon.
Enjingipun gita-gita manggihi Pak Kemi: “Aku mau bengi ngimpi ditekani Raja, sing maringi agem-ageman keprabon”.
Mireng pangandikan puniko Pak Kemi anggraito yen puniko tondo bade anampi ayahan ageng saking Hyang Maha Kuwaos. Sanajan makaten angengeti awisan saking ilmu ingkang sampun dipun ngertosi, Pak Kemi mboten kapareng amedaraken, sabab makaten puniko anami andingini Karsaning Hyang Maha Kuwaos. Milo Pak Kemi lajeng malah nggujeng kaliyan ngandiko “Yo ngono kuwi impene wong kesrakat, ngarep-arep sing ora-ora”. Nanging ing batos rumaos bombong ing manah awit saking mireng pawartos puniko. Namung, mbenjang punopo bade kalampahan, puniko dipun titeni kemawon.

******************

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 3)

Cariyos candakipun.

Memitran antawis kaluargo Pak Arjo Sopuro lan Pak Kemi.
Pak Ardjo Sopuro, saking kesrakatipun, awis-awis kondur dateng dalemipun awit ing dinten puniko mboten angsal asil. Nyare ing bedakipun pinggir margi Koplakan. Kacariyos saderek gangsal puniko ingkang radi kacekapan namung Pak Kemi. Pramilo yen dong mboten wonten punopo-punopo ingkang bade dipun dhahar sakluwarga, sok ngutus putranipun ngampil dateng Pak Kemi. Tujunipun Bu Kemi lan Bu Ardjo puniko kados saderek sinarawedi. Mboten wonten panggalih punopo-punopo, malah kaleresan saya angraketaken pasederekan. Pak Kemi puniko langkung sepuh. Yuswanipun kaot tebih lan Pak Ardjo Sopuro. Milo Pak Ardjo Sopuro nyebat “Kang Kemi”, suwalikipun Pak Kemi namung nyebat “Ardjo” kemawon. (Ing tembe wingking, naliko Pak Kemi nyebat “Pak Sri” utawi “Mas Ardjo”, Pak Ardjo (Sri Gutomo) jelih-jelih “Celuken aku Ardjo bae”.

Bapak Sukemi Handini (Pak Kemi)
Paraga Pak Kemi puniko mligi, awit salebeting kalih tahun wiwitaning tumuruning wahyu sujud, panjenenganipun ingkang tamtu kaaturan rawuh anyekseni saben tumurun wahyu (parentah) saking Hyang Maha Kuwaos. Naliko poro mitro sampun sami rawuh, nanging Pak Kemi dereng katingal, Pak Arjo tartamtu angutus ngaturi rawuhipun. Awit saking puniko, panjenenganipun kasebat "paseksen" kawitan., ingkang ateges dados saksi kawitan tumuruning wahyu.
Pak Kemi puniko asalipun saking Demak. Bapakipun kaparingan asma Saji Joyo Ulomo. Tiyang cekap, sabinipun pinten-pinten bau. Namung Pak Saji Joyo Ulomo.puniko kirang utun ing tetanen. Rinten dalu namung ngaos (ngaji) kemawon. Pramilo enggal sakedik sabinipun telas kasade. Putranipun sami kesrakat. Pak Kemi wiwit joko remen pados ilmu dateng peguron ing pundi-pundi. Pramilo ilmunipun kathah (langkung saking 40). Satunggaling dinten pados deling (pring) ing pinggir wana, bade kasade. Kepanggih ingkang jagi wana milo lajeng dipun oyak. Kanthi ngangkat deling salonjor, joko Sukemi mlajeng lan nglumpati lepen ingkang radi wiyar. Slamet, mboten kacepeng. Deling lajeng kasade. Wiwit wekdal puniko lajeng kagungan penggalih, yen terus makaten tamtu sengsara gesangipun. Milo gadah krenah tumut ngernet mobil. Sareng dipun lampahi dangu-dangu saged nyopir mobil. Saking gemi lan utunipun, wekdal samanten saged mundut mobil, minongko tiyang Pare sapisanan ingkang gadah mobil. Zaman Jepang, mobil puniko dipun rampas Jepang.

free counters

Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 2)

Pados "tiyang sepuh"
Awit sadaya rumaos kasekengan ing bab pangupo jiwo, antawis warsa 1952, saderek sekawan (Pak Arjo Sopuro, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman) puniko sami rembagan kados pundi caranipun supados angsal asil ingkang radi mingsro. Putusaning rembag, bade pados ‘tiyang sepuh’ ingkang saged anedahaken margi kangge nambah asil. .
Naliko samanten ing Pare wonten paguron ingkang kasusro naminipun Murti Tomo Waskito Tunggal (nyuwun ngapunten, sanes Hardo Pusoro) kapimpin dening Pak Citro. Panderekipun kathah, langkung malih saking njawi kitho Pare. Satunggaling wekdal, ambiwaraken yen dinten makaten tanggal samanten jam tartamtu Pak Citro bade wangsul ing jaman kalanggengan (seda= mati). Ewon tetiyang kaangkut atusan mobil sami dateng dalemipun ing dinten ingkang katamtokaken kalawau. Sadaya bade anekseni kok wonten tiyang ingkang saged namtokaken pejahipun piyambak. Kawusanan sadaya cabar, Pak Citro taksih sugeng ngantos pinten-pinten warsa malih. Salajengipun paguronipun sepen, tetiyang sampun sami kirang percados malih.
Wonten paguron nami Suwono (Suwung Ono).
Ing ngriku mitra sekawan puniko sami sarembag ndatengi. Ancasipun namung nyuwun sarana, supados gampil anggenipun pados rejeki. Naliko rawuh, ingkang kagungan dalem (Pak Sastro asmanipun, katelah Pak Sastro Suwono) sampun nyawisaken cangkir unjukan kopi sekawan, kamongko mboten wonten ingkang matur yen bade mertamu. Ateges waskito ing pamirso. Pramilo sadaya sami pengin ‘maguru’ ing pangangkah saged ndandosi pangupo-jiwo kangge ing sadintenipun. Kawitan sami kawucal caranipun mirsani isi sak (saku) saben tetiyang. Ing tataran puniko wonten sawatawis saderek ingkang saged ngetrapaken. Pak Ardjo Sopuro mboten saged. Naliko sami kondur, ing tengah lampah, Pak Ardjo Sopuro ngendiko dateng para kancanipun: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Ing wekdal candakipun, naliko sami mertamu dateng paguron puniko, Pak Ardjo Sopuro saged mbade (nebak) sadaya isi sak para saderek. Ing wekdal sanesipun, wonten latihan ngrogo sukmo. Caranipun, sami sareyan, asta kekalih katumpangaken ing jaja. Salajengipun lajeng megeng napas. Enering penggalih katujokaken sangandaping wudel, lajeng kaenggokan mangiwo. Pak Kemi saged ngleksanani. Naliko enering penggalih sampun katujokkaken mangiwo, lajeng jleg ! badan gemeter sadaya. Kacariyos Pak Ardjo Sopuro ugi mboten saged malih. Ing tengah lampah kondur, Pak Ardjo Sopuro ngandiko malih: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Lha kok estu kaleksanan naliko latihan ing wekdal candakipun. Para saderek sami ngungun. Ing batos sami pitaken “Sopo kang mulang (ngajari), kok biso koyo ngono ?” Makaten puniko wongsal-wangsul, saben wonten latihan enggal, ing wekdal sanes Pak Ardjo Sopuro tartamtu saged nglampahaken latihan puniko. Latihan-latihan puniko katerusaken ngantos sarampungipun. Wonten latihan aningali cahyo. Yen wonten ingkang saged mirsani, upaminipun cahyo ijem utawi abrit lan sapanunggilipun,. sadaya namung dipun aturi “Yo kuwi”. Mboten wonten katranganipun. Salajengipun paguron Suwono anengeri wontenipun saderek kalih welas: Aku, Roso, Permono, Indro, Bromo, Bayu, Sukmorojo, Sukmonogo, Sukmokencono, Jatingarang, Mayonggoseta, Bagindokilir. Nanging katrangan bab saderek kalih welas puniko mboten wonten. Pramila menawi dipun takeni, jawabipun Pak Sastro namung “Yo kuwi”. Namung ing wekasaning latihan, anuding Bapak Ardjo Sopuro “Iki mbesuk sing dadi peguron”.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi

Δευτέρα 10 Αυγούστου 2009

Lelampahan Bopo Sri Gutomo. (kaca 1)

Bandung 9 Agustus 2006 Rabu Pon jam 07.50
Lelampahan Bopo Sri Gutomo.
Kairing gending Palugangsa dhawah Gdh. Widasari kalajengaken Ktw Subakastawa,
kulo amiwiti nyerat. Kados dene urubing blencong ingkang anerangi pakeliran, makaten pakartinipun Hyang Maha Suci amedaraken lelampahan puniko. Ringgit wacucal minongko sarananipun. Hyang Widhi ingkang kagungan. Hyang Maha Kuwoso amriksani.
Pambuko
Mboten kacatet, kala punopo Pak Arjo Sopuro wiwit manggen ing kampung Koplakan Kecamatan Pare Kabupaten Kediri Jawa Timur. Koplakan puniko nami kampung panggenanipun tetiyang ingkang gadah kapal (kuda = jaran) kangge dokar angkutan.
Watak ingkang keras lan jujur pinongko dados cirinipun Pak Arjo Sopuro. Wonten malih, yen sampun dumugi titi wanci perjanjen, kamongko dereng saged anetepi, bingungipun kepati. Keras, jujur lan netepi janji, puniko ingkang saged kaconto ing bab wewatakanipun. Sudagar inten barleyan ing Kediri lan Pare asring anitipaken daganganipun dateng Pak Ardjo Sopuro awit saged kapercados lan tamtu anetepi janji.
Rikala samanten ing tengahing abad 20, pedamelanipun dados tukang cukur rikmo kangge anggesangi semah, putro tiga lan putri satunggal. Ingkang pembarep Sardjono, lajeng Sardjani, Surip (putri = Mbak Wik), lan Mas Joko. (Kala samanten Purboyo, ragilipun, dereng lahir)
Pamitran ingkang raket.
Pak Ardjo Sopuro gadah tetepangan minongko saderek inggih puniko Pak Sukemi Handini (sopir angkutan) , Pak DjojoDjaimun (tukang sepatu, mboten kagungan turun), Pak Soma Giman (kernet, putro-putrinipun kalih-welas) , Pak Reso Kasirin (dagang kain batik) mboten kagungan turun, Pak Danu Mihardjo (Mantri Guru SD), lan Pak Jumadi (sopir). Taksih kathah poro mitranipun ingkang dereng kacathet. Griyanipun Pak Reso Kasirin ingkang paling celak, kasusul Pak Joyo Jaimun, Pak Jumadi, lan Pak Kemi ing dusun Gedang Sewu, watawis 300 meter arah mangidul saking griyanipun Pak Arjo. Pak Danu ing Gang Pandan celak Koplakan, dene Pak Soma Giman ing kampung Plongko, watawis 500 meter arah mangaler.
Sadaya sami kekirangan ing bab sandang tuwin pangan. Pedamelan cukur rikmo puniko asilipun sakedik, mboten nyekapi kangge sakulawarga. Ing antawisipun saderek pitu puniko Pak Kemi (Sukemi Handini) ingkang radi nyekapi, sabab sak lintunipun saking pedamelan sopir ugi gadah sabin sanajan namung sapro gangsal hektar. Waradin sami kekirangan ing bab pangupa jiwa.

free counters
Catetan: blog puniko mawi label :
boso, budi, darma, darmo, Gutomo, Hyang, jawi, jowo, Kuwasa, Kuwoso, lelampahan, Maha, sapta, sapto, Sri, wahyu, warga, wargo, Widhi